GURIT SACANDHAKE
kapacak ing https://www.facebook.com/share/p/17rdqz2UYh/
Esuk uthuk-uthuk murwani sang diwangkårå mêtu såkå palêrêmane
lamat-lamat sumõrõte katõn endah.
Lõn-lõnan sajak mantêp nêtêpi darmaning Sang Pangriptå
salumahing bantålå anambut klawan sukarênå.
Prå kadang tani siyågå nyêngkêlit piranti
gyak bêbarêngan lumaku ing galêngan
sinambi urå-urå nêtêpi darmaning ngaurip
yå urip kang samadyå datan suwålå.
Bocah sêkolah wus pådhå tåtå-tåtå
aywå lali piranti potlot buku sadhengah wulangane guru
kang tansah nggêgulang satuhu
mrih sumêbar kawruh lan èlmu.
Mangayubagyå pèngêtan dinå GURU
pahlawan datanpå tåndhå jåså
kang wus kaêcap ing pundhak irå
mugyå Pangèran tansah jangkung lêlabuhanirå.
JM, madyå rainå, 011225
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar