OH BÊNGAWAN SANG NARMÅDÅ
kapacak ing https://www.facebook.com/share/p/15uzLHXy2w/
Oh bêngawan sang narmådå
ilining kadyå kabutuhke umat sajagat rat
iwèn dalah sato rumangkang
sakabèhing riptaning Sang Widiwasa
datan kêndhat gumantung ilining tirtå.
Pêpèrèng argå mêkingking wråtå
gundhul plõnthõs bantålå atõs
tan biså rumêsêp gumrõjõg waspå
lêstarèknå bumi iki s'ing bêncånå
têbihnå saka ing prahårå.
Mijilkên têntrêm lan karahajan
dhangkèle õyõd tumancêp nyrambahi subur palêmahan
anêlêsi bumi lan pèrènging argå
ngrêkså rusaking alam ulahing manungså
saking srakahing sagung prå duratmåkå.
JM, anganggit rudityå, 121225
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^] 9


Komentar
Posting Komentar