MYANG LINTANG NYÅTÅ RIPTÅNYÅ
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AG5ukHZw6/
Myang lintang nyåtå riptåNyå
liwat bayu agung SabdaNyå
samodrå dalah bumi saisine ånå ing pamêngkuNyå
Åpå maknane?
Aku ngayubagyå rawuhNyå
kang winêcå ing sêjarahNyå
nadyan tinampik lan kasiyå-siyå
Panjênêngane mbirat umatNyå
saking kasèkèngan lan dosanirå
Åpå maknane?
Nalikå kêtêmu PanjênênganNe sanyåtå
dakrasake agung bêrkahNyå
dakrasake rawuh prêduli marang umatNyå
mbêngkas luput lan doså
samêngko Panjênêngane nunggil marang aku,
datan kêndhat ngrêkså sabên jangkahku.
Pamuji mring Gusti kang trusing ati
ing dintên riyadi Natal puniki
prihatõsing driyå ginantõs bingah,
kuwatõsing donyå sirnå wit bêrkah.
🌲 SUGÊNG RIYÅYÅ NATAL 2025 🌲
Têntrêm rahayu kang pinangkanipun saking Gusti, mugyå kasalirå mring kitå umat kinasihipun...
Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏
JM, dhesèmbêr rongèwusêlawe
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]

Komentar
Posting Komentar