TUMBLER KESASAR DUDU SEMBARANG TUMBLER

   kaunggah ing https://www.facebook.com/share/p/1GBjM4qQVa/

Iki Crita sing lagi dadi crita anget ing rat-maya yaiku crita 'Tumbler' (botol nginum saempere termos cilik) isi kopi anget kadya saanget-e critane wekasan iki.


Wingi esuk, sawijine Ibu-ibu penumpang sepur KRL (kereta rangkai listrik) kondhang kasebut 'Commuter Line" budhal makarya ndeleh tas ransele ing rak dhuwur bangku lungguhan. Tas kasebut salah sijine isi Tumbler karemenane isi kopi panas. 

Mbarengi lumakune wektu, Ibu iku ketungkul (nggethu njingglengi) nunul-nunul HP. Nalika sepur tekan ing stasiun sing dituju, dheweke arep mudhun iba kagete ngranggeh-ngranggeh tase ora ketemu. 


Ibu iku bingung, nggoleki tetep ora ketemu, takon karo penumpang liyane, ning ora ana sing meruhi. Whadhuh, dheweke gela lan sedhih, tumbler iku dudu mung saderma tumbler sembarang tumbler, nanging duwe sayuta 'kenangan' (pangeling-eling) lan kanikmatan sing dirasakake saben dinane minangka penumpang KRL.


Wanita iku nuli nglapur menyang petugas KAI kanthi pangarep mbokmenawa nemokake. Pirang dina sabanjure, wanita iku nampa kabar lewat WA saka petugas sepur :"Tumbler Ibu sampun kepanggih, katuran mendhet ing kantor KAI setasiun Gambir."

Wanita iku rumangsa bungah lan lega, uga pengin ngerti sapa sing nemokake.


Nalika dheweke tekan ing kantor setasiun, dibagekake dening sawijine kanoman karo mesem manis rambute dipotong rapi umur watara 30 taunan.

 Karo nyalami kanoman iku ujar,  "Kula Budi, kula ingkang manggihi tumbler Ibu ing tas ransel gumlethak ing bangku peron stasiun. Kula pengin mangsulaken dhateng panjenengan, margi kula mangertos iba aji lan migunani tumbler punika kagem panjenengan."


Wanita iku trenyuh, dudu mung marga tumbler kesasar iku bali ketemu, nanging marga kabecikan atine si kanoman iku.

 "Kenging menapa nak-mas boten nyimpen piyambak?", takone Ibu iku.

 "Ohh boten bu, kula ngertos menawi kang kagungan tumbler menika tamtu langkung mbetahaken. Murid kula ugi sangu tumbler karemenanipun kados kagungan Ibu." Ooo, jebulane kanoman iku guru sawijine SD, imbuhe meneh, "Lan kula rumaos mendah remenipun bilih kula saged mangsulaken dhateng kang kagungan."


Eliding crita kang bisa kapethik :

Batin atine ibu iku :

  "Jebulane kabecikan nala ing pasrawungan isih ana ing donya iki. Mendah trenyuh lan begja banget aku ketemu kanoman iku dene kajujuran duwe aji kang banget dibutuhake ing sawijine pasrawungan jaman kang sarwa maju apa maneh ing kutha gedhe kaya Jakarta iki!"

"Aku muji sokur banget lan matur nuwun. Tumblerku dadi luwih aji lan migunani banget tambah siji maneh 'kenangan' manis ing dina iki.!" ✍️👏


JM, parak esuk, 031225

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]



kadudud unggahan https://www.facebook.com/share/p/1CejMf2Psz/


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-