ANGGEGIRISI OPAH KANG TINAMPA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1ahhAirrfL/

Sapa bae uwonge, temtu seneng yen nampa opah awit saka apa kang wus dilakoni. Opah diwenehake miturut sepira lelabuhane marang gaweane. 

Iku mratelakake tegese tembung 'opah' sacara wantah kang prasaja, nanging yen dinalar luwih jero bisa uga nggambarake walesane apa kang dadi jalaran kawusanane  (sabab lan akibat) sing dipikoleh awit saka tumindake.


Banjur kepriye yen jalaran kawusanan mau sacara sepiritual gegayutan karo sesambungane manungsa karo Gusti Allah Sang Pancipta? Dak kira ora bisa denselaki  dene kita manungsa minangka abdi kang cinipta dening Panjenengane wus sayogyane mituhu tuwin setya karo dhawuh Pangandikane Gusti kang mujudake paugeran/wewaler kang mengkoni uripe manungsa. 


Iya, manungsa kang ora setya tuhu marang paugerane Gusti, ora bisa denselaki nampa jalaran kawusane mau minangka opahe kang mujudake bebendune/dedukane Gusti. Pepeling ya pepemute Gusti wus kanyatakake ana ing maneka warna kadadean alam saka wiwitan kang cilik nganti gedhe lan anggegirisi. Iya kedadean-kedadean sing ora salumrahe bisa kita rasakake, nanging emane manungsa isih bae kurang utawa ora plega/waspada marang pepeling mau


Jalaran kawusanane saka kasetyane manungsa ora nuhoni Dhawuh Pangandikane Gusti, kita minangka abdine Gusti ginanjar arupa nampa bebendu mau. Ya, jalaran sangsaya tumindak mblasar saka paugeran-paugeran kang wus katetepake, karusakan-karusakan alam marga ulahe manungsa ora bisa denselaki. Iku nyata lan tetela ing sangarepe kita sangsaya anggegirisi. Ya, manungsa ora ngreksa lestarine alam kanthi ngeruk sumber kaskayane alam datan mikirake akibat kawusanane, mula pungkasane kang kita adhepi bencana lan prahara ing ngendi-endi sangsaya nggegirisi iku sejatine opah kang tinampa. Gambaran iku kadya apa kang nate kita uningani saka tembange seniman Ebiet G Ade lumantar lagu irah-irahan "Untuk Kita Renungkan" ( https://www.facebook.com/share/1AWP6DUg2d/ )


Makaten kinten-kinten ingkang saged kaaturaken ing seratan sapala puniki, nuwun sewu mawi basa ngoko, kanthi pangajap sageda kita resepi sesarengan. Nyuwun duka lan pangaksama bilih kirang jangkep saha kathah sisiping atur ingkang boten mranani,... nuwun, nuwun ... matur nuwun đŸ‘đŸ«Ž

Salam rahayu sagung dumadi...

Gusti amberkahi... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, lingsir-dalu, 231225

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-