UMUK PAMER CARA DIGITAL BAYAR TANPA KONTAN
kapacak ing https://www.facebook.com/share/p/17ay73G2Rx/
Ing wekdal samangke, sangsaya kathah toko, wande (ageng - alit) kang pamer cara bayar sarwa digital boten nampi bayar jreng/kontan aliyas mawi kartu utawi QRIS. Bayar kontan kawastanan kina, ketinggalan jaman.
Kacarios, wonten kedadosan ingkang mrihatosaken mekaten,
Ing satunggaling dinten, masarakat nembe geger wonten kedadosan sawijining ibu-ibu lansia (sepuh lan sangetipun) dipun tampik mbak-mbak kasir nalika badhe bayar ing toko roti jalaran boten kagungan QRIS, kamangka roti badhe kangge putu/wayahipun kang nembe rewel.
Boten jalaran roti-nipun katelasan, boten kok tandang-tandukipun si ibu boten sopan. Ananging amung amargi sang kasir boten purun nampi bayar kontan punanggep kina sampun boten jamanipun ☺️đđ€.... "....heemmm iki jaman edan apa sing gemblung kasire??!!", batosipun ibu sepuh wau.
Si ibu protes, "Ee ndhuk, piye ta kowe iki? Dhuwit iki isih aji lan sah dhuwit negara dilindhungi/diayomi Undhang-undhang lho! Iki putuku selak rewel, kok ya tega-tegane kowe ndhukk ndhuk!" đđ€Ż
Para pamaos kinasih, Bank Indonesia, boten kirangipun lan wongsal-wangsul ngedalaken pranyatan bilih arta Rupiah -punapa kontan utawi boten kontan- mujudaken sarana bayar sah! Boten wonten setunggala aturan 'plaku usaha' saged nampik boten nampeni Rupiah kontan namung alesan rigen (praktis), 'gaya hidup modern' utawi aturan sang bos 'SOP intern' lsp lsp.
Ps.23(1) UU Nomer 7 taun 2011 tinulis, "Saben uwong dipenging nampik ora gelem nampani Rupiah sing dipasrahke minangka sarana bayar utawa ngrampungke kuwajibane sing kudu nganggo Rupiah lan/utawa kanggo 'transaksi keuangan' liyane ing tlatah Negara Kesatuan Republik Indonesia, kejaba.., ana panduga asli lan orane Rupiah kasebut."
Ananging ing praktekipun, ukum asring kawon kalihan mesin kasir. đ đ« Ing ngriki planggan pundamel lingsem lan dipun sepelekaken boten kajen!
Boten amargi artanipun palsu, kruwel-kruwel lethek utawi kirang gungungipun, nanging namung jalaran boten kecathet ing layar HP boten mawi program aplikasi modern... huhuhuuuu ...ajine manungsa dikalahake! đđ€
Ngantos kapan kawontenan punika?
Kemajengan tehnologi kedahipun anggampilaken kabetahan manungsa, eeee... lha kok malah dados ribet ngasoraken jati dhirining manungsa?? đđ€źđ€Ż
Sumangga 𫎠kagem waosan ÚnthÚng nanging cÚngÚng, saderma orek-orekan sakecandhakipun.
...nuwunn nuwun..., matur nuwun đđ
JM, bangun-enjing, 271225
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar