WASPADA MRING BEBUJUKING PIALA
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1aC5NZnvUA/
Kadya sampun cekap dangunipun maneka pamblithukan, apus-apus utawi sadhengah bujuk manis ing rat-maya (sosmed) sangsaya ndlidir. Menawi kita boten prayitna lan waspada, kita badhe gampil kapusan lan punrerimuk/punbebujuk kanthi alus amrih manut lan mitadosi kaleresan semu/palsu. Mila makaten prelu gadhah patrap waspada lan prayitna kangge nguji lan niti priksa kaleresanipun. Murih kita boten gampil tumut-tumut keseret pemanggih kang boten wonten dhasaripun tumuju pitenah kang ingarah.
Pangaruh/paribawa bujuk manis wujud pamblithukan saged kemawon mila-bikanipun saking njawi utawi lebeting dhiri kita piyambak. Mila makaten, prelu gadhah panguwaosan dhiri lan kaprayitnan salebeting manggihi bebujuk/rerimuk manis ingkang sejatosipun mblondrokaken, njlomprongaken mring kadursilan klawan tumindak piala nerak tata paugeran.
Patrap waspada lan prayitna boten mijil makaten kemawon, pramila kabetahaken pitulunganipun Gusti Allah Kang Maha Wikan kangge ngajengi samukawis godha rencana. Prayoginipun kita nyuwun panuntun lan pitulunganipun Gusti amrih saged milah lan milih pundi ingkang sae lan leres tumrap ndlidiripun sawernining bebujuk wau temahan kita saged siningkur, sumimpang saking reribed, nir baya nir sambekala kang badhe anrajang kita.
Sumånggå ... 🫴
rahayu wilujêng kang dènajêng
bagas saras kang linaras
bagyå mulyå kang pinanggyå
bêrkahing Gusti kang tinampi.
Aa-aamin A__aamin 🙏🙏
JM, lingsir dalu, 111225
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar