KANIKMATAN DONYÅ MENCUTKE ATI
kapacak ing https://www.facebook.com/share/p/17cC6m16XS/
Kanikmatan donyå mencutke ati,
mikat kitå dimèn nêbih Gusti,
lan kabèh iku tan nguripi,
nanging nggèndèng kitå mring têlênging pati.
Aywå lêpyå, eling twin ninggalå panggodhå
sujud sèkèng enggal umarêkå.
Gusti bakal ngantyå mring sirå
angêntasnå sing bêbênduNyå.
Mårå buwangå sêngsêmirå,
wit iku panyidrå twin pamblasar,
ninggalå doså lan duråkå
ngungsi mring Gusti sirå mêsthi luwar.
Marêk mring Gusti tan suwålå,
aywå kalungsèn kadaluwarså.
Puputing nyåwå tan kanyånå,
mulå èstoknå dienggal mratobatå.
JM, madyå-ratri, 291225
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar