KAPANDHEGAN PASARUJUKAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/15KfeacwUr/
Kabutuhan saben priyangga lan utawa golongan iku beda-beda. Kanggo pikoleh katetepan kang adil, kapandhegan adhedhasar pasarujukan mujudake panetepan kang banget dibutuhake.
Pancen kabutuhan saben pribadi ora mayar utawa mokal bisa diwujudi kanthi sampurna, nanging paling ora klawan kapandhegan ing pasarujukan mau bisa nyuda pepinginan kang amung nengenake kabutuhan mentingake awake dhewe kang bisa ngapitunani wong liya. Iya klawan kapandhegan ing pasarujukan kang disedya bisa agawe padhadene mareme bebarengan saeka praya saeka prapti mbangun rumaketing gotong royong, samya among rasa among driya.
Kahanan kadya mangkono iku mujudake cikal bakal dhemokrasi kang urip ing tengahing masarakat kita. Para punggawaning praja kang kapatah makili masarakat golongane samya nyengkuyung lan nyarujuki rancangan pagawean (program kerja) kang wus katetepake dening punggawa/pandhega tataran pangwasa ndhuwur kang wus kapilih. Para pandheganing praja tataran ngisor minangka wakil golongane wajib netepi pasarujukan kang wus ditetepake iku. Kanthi anyengkuyung apa kang disarujuki bebarengan lan wus diwengku awujud pedhoman/pandom kang sinebut undhang-undhang prelu padhadene ngugemi murih apa kang sinedya kanggo kemajuan lan kemakmurane bangsa bisa digayuh. Ora elok yen ing satengahing lakuning pembangunan kang karancang banjur ana saperangan klompok padha rayahan rebutan balung, uga ngububi lan ngujuk-ujuki klawan nyebar warta goroh, palsu lan semu ngolok-olok mungsuhe pulitik sing diwungkus kanthi alus utawa kasar, iku andadekake krikil-krikil sing bisa mlesetake lumakune rancangan pembangunan iku dhewe.
Ayo pra kanca warganing masarakat sabangsa, đ¶đ”
Sayuk-sayuk rukun bĂȘbarĂȘngan ro kancane
lilĂ„ lan lĂȘgĂ„wĂ„ kanggo mulyane nĂȘgĂ„rĂ„
siji.., loro.., tĂȘlu..
maju papat-papat
diulang-ulungake
mĂȘsthi enggal rampunge...lsp lsp..
Pethikan tembang iku nggambarake mendah prelune gotong royong guyub rukun kanggao anggayuh sedyatama murih bisa mujudake kemakmurane bangsa. Ing kene cetha kapandhegan adhedhasar pasarujukan diprelokake!
Nyumanggakake đ«Ž
Mugya Gusti ngijabahi lan amberkahi ... Aaa_aamin A__aamin đđ
JM, lingsir wetan, 021125
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar