LAKUNE PRAKARA BISA WINUJUD

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1EnvmcPHzU/

Ngadhepi sawijining prakara apa bae, akeh-akehe wong nengenake mring asil kang karengkuh, dudu mring lakune (proses) prakara iku dhewe. Kamangka apa kang luwih penting bisa karengkuh iku ana ing kapriye sejatine lakune prakara iku bisa winujud. Ya, apa marga upayane dhewe, apa marga upasrayane /panyengkuyunge wong liya, sanak kadang utawa amarga gotong royong anggota klompok?


Wong kang nengenake marang kepriye lakune anggayuh asil bisa nyumurupi anggone ngalami maneka warna alangan lan reribed. Uga gegayuhan iku ora dipikoleh kanthi rikat lan gampang, akeh bapang kang kudu densumimpangi.

Wusanane, kita bisa ngrasakake oleh berkah pitulungane Gusti Allah lumantar panyengkuyunge pehak liya. Mangkono rasa sokur dumadi nuli bisa kasingkurake saka rasa gumunggung, sing ana ya amung rasa andhap asor kebak ing pamuji sokur awit saka berkah kanugrahane Gusti.


Saben pangalaman, apa iku sukarena apa iku duhkita utawa kasedhihan, andadekake wewengan wektu tumraping kita bisa nyumurupi lan nepungi luwih temen rancangane Gusti kang tumanduk mring urip kita.


Salam tentrem rahayu kang tinemu

bagas saras kang linaras

bagya mulya kang tinampa

berkahing Gusti kang tinampi

Gusti amberkahi.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, sirep bocah, 211125

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-