BESELAN ING PEPANCASAN PANGADILAN -ukum landhep mangisor, kethul mandhuwur-
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17aqA1rt16/
Ing satengahing masarakat, pasrawungan kawengku dening tatanan kang mranata (kasebut ukum). Ukum, undhang-undhang duweni daya kangggo mranata sesrawungan antarane anggota masarakat murih bisa ngrampungake prakara klawan sajajar lan adil.
Nanging emane, pangetrapane, pangecakane asring mlenceng saka enering sing samesthine yaiku nindakake kanthi nerak pranatan iku dhewe, kaya ta mbeseli (suap, nyogok lsp). Para kang duwe prakaran gawe pratingkah mbeseli kang kapatah ngrampungake prakara (akim, jeksa, panyidik kapulisèn) minangka pamengku/panetep ukum.
Minangka pamengku ukum utamane akim ora kena lan dipepacuh/diwewaler (dilarang) njungkir-balikake kaadilan, pilih kasih kanthi nampa besel, ukumane cetha abot yen nganti kabukten. Nanging emane, ora kurang ing lakune pangadilan awujud pepancasaning pangadilan iku asring diterak, mula tambah ruwet lan kadawa-dawa, mbulet lakune pangadilan iku dhewe. Ya, suap, besel gawe rasa pangrasaning ati kasaput karo iming-iming suap.
Kanthi mangkono wong sing luput dadi bener suwalike sing bener disalahake. Padatan ing kahanan kang kadya mangkono iku pehak kang miskin kapinggirake jalaran ora duwe wragat lan kwasa dadi kalah prakaran wusanane nggeget driji. Mula ana pranyatan : "Ukum landhep mangisor, kethul mandhuwur". pranyatan iku pancen nyata lan wus dadi wadi tinarbuka (rahasia umum).
Wewaler kang kudune diugemi malah padha diudhal-udhal sarta kepara diawut-awut lan diterak.
Oh ukumm... ukum, ana ngendi 'siyungmu' kok malah dadi piranti kanggo nyenyugih wong kang wus sugih lan gawe sengsara klawan nyakot wong cilik!?
JM, parak esuk, 281125
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar