TUMINDAK KABECIKAN, TUNDHONE NGUNDHUH PAEDAH
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19vrZ64ge5/
Paidjo : "Ing wekasan iki asring kita midhanget pawarta ana saperangan wong kang gaweane nenacad wong liya, ngala-ala, ngiwi-iwi, lsp..., piye kang Karto apa sampeyan ya sok ngrungokake lan nggatekake?"
Karto : " Ya, kala-kala wae kang, bosen aku wong mbregudul kog ora duwe gawean, anane mung wara-wara ngalor-ngidul nganggep awake dhewe bener dhewe, rumangsane awake aji dhewe, mangka babar pisan ora aji, apa sing krungu nyarujuki panemune lha wong panemune ya ora bisa dipercaya."
Para kadang sutresna, saking pirembagan antawisipun Paijo lan kang Karto ing nginggil, ngengetaken kita bab warta kang sliweran ing stasiun TV punapadene ugi ing medsos-medsos. Nelasaken tenaga lan pikir sarta wekdal kabucal- bucal muspra.
Menawi wonten tiyang kang nganggep awakipun piyambak leres piyambak lan penting, kamangka sejatosipun namung omong nggladrah, mila tiyang punika kagolong ngapusi awakipun piyambak. Racakipun bilih tumindak goroh badhe kasusul goroh-goroh sanesipun.
Prelu kaemutaken tumrap tiyang punika, "Saben wong mawasa kelakuane dhewe. Yen kelakuane becik, wong mau bisa marem tumrap apa sing wis ditindakake, nanging ora elok nandhing-nandhingake tumindake mau karo panggawene wong liya. Eling saben wong bakal ngundhuh apa kang disebar. Yen sing disebar hawa nepsu, bakal ngundhuh bilai! Mulane aja padha bosen nindakake kabecikan, awit ing titi wancine bakal ngeneni asile, ngundhuh paedah!" đ
Makaten pangemuting pakarti ingkang sapala, kanthi pangangkah mugi tentrem rahayu sageda pinanggih tetiyang ingkang makaten punika pinaringan panuntun dening Gusti, manggih margi kaleresanipun Gusti, nebihi saking bebujuking nepsu kang boten maton kaliyan wewaton tata sopan pasrawungan saturut kaliyan dhawuhipun Gusti Allah... Aa_aamin đ A__aamin đ
JM, madyaningwulan, 151125
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar