PRIYÅNGGÅ KADYÅ PUSPÅ MÊKRÕK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1ZQqyWGBk5/
Priyånggå kadyå puspå mêkrõk endah
datan jêjuluk, tinêmpuh samubarang
datan payung pangeyub sawanci prahårå anrajang.
Kadyå Sang Nåtå kablébêt jubah bludru
ora saendah agêmannyå puspå rinênggå
grapyak twin sabar kadyå puspå kang mêrak-ati.
Nadyan kasampyuk lan katrajang båjrå
datan gorèh, datan mingsêr sathithikå
gagah ngadêg katon pidêkså èsêmirå.
Sabar... sabar...,
angadhêpi pasêmõn lamis kang sinêbar dening duratmåkå
pracåyå! kabênêran bakal tumêkå angampiri badanirå!
tumancêp gunungan mungkasi sababak sandhiwårå.
JM, lingsir wêngi, 081125
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar