CRITA DUDU SEMBARANG CRITA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/16SRMm1Vvd/
Iki crita dudu sembarang crita, nanging nyritakake pangalamane kadang kenalan, critane mangkene;
Aku sawijining wong kang nengenake anggaran (budget) aliyas etungan sing mêmêt njlimêt bab tetuku. Blanja ora neka-neka, diselarasake karo pametune gaji (pendapatan bs. Ind).
Susi (sisihane) beda banget, dheweke sawijine panganut paham 'tujuan kudu digayuh' tegese yen wis netepake tujuan utawa pepenginan dheweke kapi-adreng ngreka-daya anggayuh embuh piye carane.... hehehee beda banget karo aku 🤗 Yen ora ana dhuwite, dheweke kumudu-kudu ngupaya golek cara liya supaya katurutan.
Tuladhane, yen wis netepake lelungan plesiran wah wetengku njur mules. Sepisanan, aku enggalan nglirik pos tabungan, ana isine apa ora? Banjur bagean anggaran endi sing bisa diegah-eguhake, diingar-ingêr sethithik supaya bisa nambah pos plesiran iki? 🤑
Eee... kosok baline Susi luwih kesengsem iwêd (sibuk) dhewe golek cara piye bisane oleh ajakan (undangan sponsor) ing panggonan tujuan? Apa kira-kira ana tiket promo utawa rega diskon? Apa kira-kira kelodhangan (kesempatan) sing bisa diranggèh/ digayuh?
Sawatara bathukku nyureng mumet, eee praupane Susi malah sumringah gebyar-gebyar jroning tata-tata ngarepake budhal plesiran iki. Weleh-weleh gawe judheg ae... 🫡😜
"Mas, kita mengko nyewa montor ing kana ya", ujare Susi. Aku mung mlongo thok..😮. Sadurunge aku mangsuli, dheweke enggal-enggal njlentrehake yen cara iku paling pas lan ekonomis. Wuih, dheweke saiki luwes menehi alesan sing ora bisa disrekal. Dheweke paham banget yen wong sing njlimet ngukuhi anggaran kaya aku iki kudu diterangake yen cara iku murah lan luwih murah tinimbang.. bla bla...'
Mula mangkono, aku ora mung mules, nanging kebelet pingin BAB... hahahahaaa....🤪🤣🤣
Lha piye jal yen ora!? wong mengkone aku sing bakal nyetir!? Lan iki sepisanan aku nyetir nang ngamanca, setir kiwa sisan... whadhuh!... piye ora mumet!? 😇
Ncène urip iku kudu kaya ngono iku ya, kudu ana drama ing njerone? Yen ora, ngendi bisa seru?! 🤑🤫
Iki rejeki duwe pasangan sing beda 180⁰, kudu disokuri padhadene ngisi lan ngompliti, ora prelu crita-crita ngundhake 'adrenalin'... hahe hahehe...🤪😜
Iya mangkono, dak turuti, eee jebulane... wuihh bener seru tenan sobat!👍 Pendhak dina nemoni crita anyar, lan tansah beda-beda. Pangalaman sing ncèn ora bisa diukur nganggo lembaran kertas sing bisa digoleki meneh. Wusanane, sing dak pikoleh aku sakloron hehehe.... tambah nemplok kaya prangko, rumaket, supêkêt (mesra) ing plesiran 'bulan madu' (wah durung nemu bs Jawane apa ya iki??) 😍🫶
Supaya ora ngambra-ambra, ya wis samene dhisik crita kang bisa dakaturake...., matur nuwun 👏🫰
JM, parak esuk, 241125
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar