SAUPÅMÅ CAHYA ESUK KASAPUT GÊBÊR

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1A3fYoi8er/

Saupåmå cahyå esuk kasaput gêbêr akåså

datan sumunar ilang gêbyaring pêpadhang

dak wêwayangke urip kijènan sêpi

ing kalimêngan kang nggêgirisi.

Nanging cahyaning Gusti nyumunari jroning ati, twin sumilak sêsaputing pênyawang, katon kumênyar cahyå kauripan.


Datan dak prêduli urip kadonyan

mêrga iku ugå kanugrahan

nêdyå urip sêpisan ing katêntrêman, kabagyan twin karahayon.

Nanging ing pungkasaning jaman kang dadi gêgayuhan sêjati 

urip langgêng ing ayunaning Gusti.


JM, nganggit wêwayangan, 161125

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-