BALON LAMPU
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17oR682cZ2/
Pensiunan Komisaris Besar Polisi (Kombes) lagi bae pindhah saka omah kadhinesane ing omah pribadine dhewe ing sawijining tlatah pomahan asri lan sidhem. Sang pensiunan Kombes banget olehe bombong ngenani jasa lelabuhan lan pangkat kalenggahan ing wektu kapungkur.
Pendhak wengi dheweke mlaku-mlaku ing petamanan, nanging dheweke ora sumanak srawung karo warga kono marga nganggep yen warga liyane ora sadrajad, iba angkuhe patrap kang dipitontonake ing satengahe pasrawungan salumrahe ing kono.
Sawijining dina nalika dheweke lungguhan ing bangku taman, ana bapak sepuh melu lenggah ing bangku iku.
Bapak sepuh iku miwiti pacelathon nanging sang Kombes iku ngejarake ora nanggepi. Kosok baline, sang Kombes gumedhe/umuk mung mamerake pangkat kalenggahan sarta jasa-jasane tumrap lelabuhane mbiyen.
Ing sawijininng wengi, bapak sepuh iku ujar,
"Komisaris Wahid..", ujare alus, "Kawuningana balon lampu punika namung wonten paedahipun nalika taksih saged gesang sumorot. Sasampunipun balon lampu punika pejah, punapa 10 watt punapa menika 100 watt, peteng mboten madhangi malih, lajeng punbucal lan punsupenaken." "Seprika-sepriki kula manggen ing ngriki, boten sepisana kula nyariosaken menawi kula nate dados anggota Parlemen,.. kaping kalih mangsa bêktèn!"
Praupane sang Kombes sanalika owah abang ireng kaya-kaya ditampek kae. ☺️
Bapak sepuh iku mbacutake, swarane kalem, "Panjenengan pirsa priya ingkang lenggah ing bangku sisihipun?" karo nudingi, "Asmanipun pak Bima pensiunan Menejer umum KAI (Kereta Api) lan kang ngobrol punika pak Bambang, Letjen AD purnawirawan. Boten nate satunggala ing antawisipun nyariosaken kalenggahan ing wekdal taksih aktip, jalaran rumaos boten prelu." 🤝✍️
Sang Kombes ora bisa ngucap apa-apa, mung katon mlongo tambah krasa ditapuk, ditampek raine,... tumungkul, ing batin isin mbokmenawa!??. 🤒
Imbuhe bapak sepuh iku, "Amargi kita sadaya kawusananipun kadya balon lampu kang pejah boten gadhah daya, kita sadaya sami kemawon."
"Sasampun pensiun, kalenggahan kang suwaunipun inggil utawi namung buruh pabrik, tetep kemawon sami nasibipun, boten punprelokaken malih, lha nggih aranipun kemawon sampun 'purnabakti' (rampung ngayahi tugas). Ingkang penting punika kados pundi kita saged ngecakaken darmaning gesang temah minangka dados lumantaring berkah tiyang kathah sabotenipun sasama warga." 👍✍️
Bapak sepuh iku mandeng sedhela sang Kombes karo nimbang-nimbang ngati-ati aja nganti nyerikake, bacute meneh, "Srengenge mlethek dumuginipun angslup samya elokipun lan paedahipun, salajengipun ingkang katingal peteng. Kadya makaten punika kodratipun manungsa minangka titahipun Gusti."
"Boten prelu ngagul-agulaken dhiri, mamer-mameraken kekiyatan, kalenggahan, kapinteran (Adigang, Adigung, Adiguna). Samangsa dumugènipun katimbalan dening ingkang Kagungan Gesang, kita badhe cuthel twin kasirep boten kapireng malih ing cecaturan pasrawungan." 🤗
Mangkono sang Kombes wiwit nggatekake ngendikane bapak sepuh iku lan mripate kaca-kaca karo ngresepi tembung-satembung, ukara-saukara kabeh sing dirungu mau karo ngucap, "Matur nuwun.., matur nuwun papemutipun bapa!" 👏👏
JM, lingsir dalu, 261125
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar