KADURAKAN LUWIH GAMPANG lan AKEH KATEMOKAKE

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17YyS4FKkT/

  "Kita urip ing jaman dene kadurakan iku luwih gampang katemokake tinimbang têlepun gêgêm lan sambungan internet!"

  Pasemon iku nelakake dene iba gampange tumindak ora pinuji, pendhak dina sangsaya akeh lan dumunung ing panggonanan ngendi bae. Ing tengahe masarakat ana bae wong kang gawe ulah werna-werna kayata nyenyolong, korupsi, nyopet, mbegal, apus-apus, mblithuki, kerengan kroyokan (tawuran), panyiksan... lsp. malah ana sing kami-tegan nganti tumekaning pati sasama warga masarakat.


  Kadadean-kadadean kadya mangkono iku kenapa bisa dumadi? ora liya merga masarakat sing wus kelangan akal bebudene utawa budi pakertine, urip adoh saka mbangun turut marang dhawuhe Allah, ora wedi asih marang Panjenengane tuwin uripe tansah mblasar saka pepakone Gusti.

  Sing rumangsa pinter dadi kuminter nganggep wong liya iku ora ana ajine. Mulane yen akeh reribed, bebaya (bencana) ing ngendi-endi, iku sejatine upawada / dedukane / bebendune Gusti minangka ukuman mring dosane manungsa. Nanging emane manungsa isih ora kapok-kapok. Mbokmenawa prelu ana mratobat sacara nasional apa ya!?? nyumanggakake!🫴


Salam têntrêm rahayu kang tinêmu

bagas saras kang linaras

bagyå mulyå kang pinanggyå

mugyå bêrkahing Gusti kang tinampi

Aaa_aamin   A__aamin 🙏🙏


JM, parak esuk,  051125

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊