BANYÕLAN BAKUL BAKSO LAN TUKANG BECAK

   kaêmõt uga ing https://www.facebook.com/share/p/1QUcs98yMP/

(Nuwun sèwu, basane pêdinan koplak.) 👏👏

📍nDhok warung bakso Pak Karto, esuk-esuk.

📢 Tokoh:

Paidi – tukang becak sing nyandhu nõntõn pideo HP.

Karto – tukang bakso sing crèwèt tapi nyênêngake.

---

Paidi:

(sambi nyruput kopi) “To… To… aku ki mèh ngguyu sak jagad, nõntõn pideo iklan obat sing anyar kae!.”


Karto:

“Halah, iklan manèh.. åpå manèh saiki? Obat kuwat? Obat langsing/gêmuk? Obat entuk jodho?”


Paidi:

“Lho ora ngono To, iki obat sêndhi (rõs-rõsan driji, ugêl-ugêl)! Nanging sing lucu, sing ngõmõng kae kåyå pêjabat! nganggo jas, nganggo dhasi, ngucapé: ‘Iki wis kabuktèn sacårå ilmiah...’” ✍️


Karto:

“Hahaha! Serius tah? Pêjabat kok nyambi dodol obat sêndhi.? Kuwi pejabat apa sales, Di?... kuwi nglanggar aturan 'rangkêp jabatan'!” 🤭


Paidi:

“Ngene lho, To. Aku rak ya wis nõntõn pirang-pirang pèrsi, nanging ujung-ujunge mêsthi pådhå: ‘Rêgå mêtu ångkå 390 èwu!’ Nah! Iki sing dadi aku gumun mun!  Sing gawe kontèn kõk kurang akal, ora ganti-ganti, ångkå keramat 390 èwu mêtu têrus! Åpå tukang kontène Agèn Judi ToTo på JudÕl ya?” ✍️


Karto:

“Hahaha... 390 èwu! Ra iså 400 wae tå, Di?  Piye jal.., kõk kåyå diskõn mistis ngono.” 🥸🫠


Paidi:

“Mungkin 390 iku kodhê alam ångkå kramat, To, bèn dõdõlane payu.. ngapusi kõk ketõkmên nèk bento aliyas bodho yå??.. hehehee🫡 Kabèh sing tuku langsung mõdhõl-mõdhõl dhompèté!”


Karto:

“Wkwkwk, iyå! Wõng sing tuku mêsthi ngêlus dhådhå: ‘Wadhuh, sêndhi mari, tapi isi dhompèt ngilangi sêndhi ekonomi kluwargå!’” 🤣😂🫡


Paidi:

“Hahaha, bênêr, To! Aku nganti curiga, sing gawe iklan kuwi dhukun digital. Tõkõhé mirip pêjabat, swarane disulih, nanging sing takõn malah kucing ngantuk!”  😓😴


Karto:

“Wkwkwkk.., aku iså mbayangké, Di! Yèn bênêr pêjabaté ngiklan, mêsthine wis nganggo pangkat: ‘Atas nama kêmêntrian sêndhi nasional, rêgå têtêp 390 èwu!’” 🤪😜...


Paidi:

“Hahaha! Dhuh To, aku ora kuwat ngêmpêt. Wis wae lah, sing pênting awakmu ora ngono, ora dõdõl bakso 390 èwu samangkõké!” 🥣


Karto:

“Yå jêlas ora, Di! Kene rêgane têtêp 15 èwu. Yèn têkan 390 èwu, kuwahé (duduhe) tak campur êmas murni!” 🥣


Paidi:

“Hahaha! Yå wis, To, saiki tak pêsên rõng mangkõk bakso setan yå. Sing siji kanggo sêndhi lambungku, sing sijine kanggo sêndhi atiku sing butuh angêt!.” 🤣😂


Karto:

“Siap, Di! Bakso terapi sêndhi lan ati, ora nganti 390 èwu murmêr, dijamin warêg lan lêgå!” 👍

---

😂 Guyõnan moral:


> “Yèn ånå iklan pideo ngõmõngé serius bangêt, nanging ujung-ujunge nyêbut ångkå 390 èwu — siap-siap wae, kuwi tåndhå dhompètmu sing bakal kråså nyêndhi aliyas sêdhih!” 😓😭🫢


Nuwun sèwu, dhialõge nganggo båså guyõnan pêdinan.👏


JM, esuk riwis-riwis, 281025

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]







Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊