MÊSTHI ÅNÅ ASILE
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1EUzw5EhzF/
Kitå sawurake wiji kabênêran
wayah esuk, awan lan sore-sorean,
kitå tunggu wêktu ngênèni
mêsthi ånå asile, sênêng ing ati.
Ayo klumpuke, klumpuke bareng,
mêsthi ånå asile, twin ati sênêng.
Mêthik asil panèn bingar sumringah
sakukuban sukå rêna twin bungah.
Sinêbarå jroning trang lan pêpêtêng,
nadyan katrajang angin kêncêng.
Pangupåyå gawean bakal diganêpi,
mêsthi ånå asile, sênêng ing ati.
Samångså kasêdhihan, panggah kitå sawurake,
nadyan sangsårå, panggah tumandang gawe.
Samångså tangis lêrêm, Gusti anglipur,
mêsthi ånå asile, tansahå muji sokur.
JM, anganggit råså, 201025
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar