UPADOS NGREKSA DHIRI
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/14MzTz9FQnA/
Nalika kita nggadhahi bandha kang aos/aji, kita ngupados mawi pangamanan mrih boten gampil risak utawi ical. Upaminipun, griya punpageri lan pungembok, tilpun pinter enggal dipun pasangi lapisan ngangkah boten gampil kebaret, montor dipun tanggelaken mlebet asuransi.. lsp.
Lha inggih, bandha darbek kita kemawon kita jagi kanthi temen permati, lajeng kados pundi tumraping gesang kita piyambak? Punapa inggih kita sampun nyawisaken piyambak kagem rawuhipun Gusti kapan kita tinimbalan? Tamtu penyiapan kita boten namung samadya, sawontenipun kadya kita njagi bandha kang gadhah pengaos. Langkungdene saking punika, kita prayogi tansah sumungku nyelak Gusti nyuwun panuntun Panjenenganipun, nebihi saking kekareman gesang kadonyan.
Punprayogakaken, nggadhahi tekad lan sedya bilih pendhak wekdal sawanci-wanci mujudaken wewengan kagem ngremenaken penggalihipun Gusti anut wewaton Panjenenganipun. Mekaten ugi kaemutaken tansaha ngreksa dhiri saking tumindak kirang tata, gesang mburu remenipun piyambak kadosta mabuk-mabukan, totohan (judhol), pesta narkoba lsp. Estu boten namung njagi sarira supados boten kejlungup samukawis tumindak kadonyan kados kang kasebat ing ngajeng, nanging prelu ndedonga nyuwun panuntunipun Gusti temahan saged tebih saking ing kamursalan tumunten saged wangsul lumampah ing margi kaleresan.
Krana makaten tansaha ndedonga mrih kita saged pinaringan kakiyatan nglawan godhan lan tetep tanggon salebeting iman wonten satengahing trajangan prahara ing donyaning pagesangan.
Nuwun,
rahayu wilujêng kang dènajêng
bagas saras kang linaras
bagyå mulyå kang pinanggyå
bêrkahing Gusti kang tinampi...
Aa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, parak enjing, 161025
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar