ADU ING RAT-MAYA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1F17NDspHk/

Tembung 'Adu' racake kanggo nggambarake dhebat, bisa dhebat maton bisa uga dhebat kusir arebut bener (dhebat otot). Nanging tembung adu uga asring kanggo nyritakake anane tandhing upamane, adu jotos, adu jago, adu katrampilan, adu kapinteran lsp.


Ing tulisan iki ora arep ngrembug bab adu mau kanthi njlimet, nanging arep nyoba ngonceki nyebar padatan (phenomena) adu-aduan utawa dhebat-dhebatan sing sumaji liwat warta ing rat-maya (medsos). Tamtune sing padha nyebar 'adu' nduweni alesan dhewe-dhewe, iki sing agawe bingunge para pamaos unggahan-unggahan sing durung mesthi benere. Mula para pamaos, pamiyarsa sing ngati-ati, waspada lan wacaksana aja anggere narik panemu dhewe-dhewe.


Adu ing rat-maya pancen mayar sumebar segampange ngobahake driji. Sing nyumelangi yen ing adu otot mau ngandhut pitenah, memoyok lan ngala-ala. Iki sing kudu di singkuri, emut paugeran sing mengkoni tumindak iku wus ana ukume yaiku 'Undang-undang ITE'  nanging emane paugeran mau durung ana gregete kanggo njiret sacara ukum.


Sumånggå... 🫴

Mugi rahayu kang tinêmu

bagas saras kang linaras

bagyå mulyå kang pinanggyå

bêrkahing Gusti kang tinampi.

Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, sirep bocah, 221025

         ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

         [^__^]  [^__^]





Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊