PASINAON ING JRONING ANGKOT

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1YzyPJeEbh/

Esuk mau, Siti budhal menyang kampus kaya adat sabene. Jalaran udan deres, dheweke milih nunggang angkot tinimbang nunggang pit-montor. Bareng mlebu angkot wis kebak 'penumpang' (sing padha numpak) nanging Siti tetep mesem lan lungguh dhesek-dhesekan karo penumpang liyane.


Ing sisihe, ana simbok sepuh nggawa sayur-sayuran. Ing ngarepe Siti, ana bocah sekolah tase gedhe katon teles kebes. Sopir angkot nyopiri klawan sabar, kadhang kala ngenteni penumpang sing mlayu-mlayu ngangkah bisa melu numpak.


Ing sajroning laku, bocah sekolah iku mbukak tase. Wahh, jebule buku-bukune uga saperangan ana sing teles, dheweke katon mbingungi. Tanpa mikir meneh, simbok sepuh mau ngetokake plastik tilas sayure lan ujar : "Nak, iki plastik tilas kanggo mbungkus bukune kareben ora tambah teles ya."


Cah sekolah iku mesem lega lan bola-bali ngucap matur nuwun. Kabeh penumpang sing nyipati kadadean cilik iku melu ngrasakake anget ing ati. Siti, jroning ati mbatin, "Pranyata kabecikan sing sajak katon sapala uga bisa gawe swasana lakune dadi luwih endah nyenengake nadyan udane isih deres."


Nalika tekan kang dituju, Siti kawiyak pangrasane, numpak angkot ora amung piranti tetumpakan murah, nanging uga minangka panggonan cilik sing nyaranani pasinaon bab kesabaran lan karukunan pasrawungan bebarengan.


Mugya crita sapala iki bisoa andadekake tuladha kanggo kita kabeh urip sesrawungan kang linambaran asih angasihi ing antaraning kita sapepadha warganing masarakat. Njaga rasa pangrasa, ajen ingajenan, suka rena aweh pitulungan murih urip iki agawe ayem tentrem..... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, madya raina, 031025

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊