TULADHANE SUPIR ANGKOT
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17K6Aew6Pj/
Jenenge pak Rahman, supir angkot jurusan Terminal --> Pasar. Pendhak dina isuk-isuk wis budhal, kanthi nyiapake montore sing tuwa ning tansah resik lan wangi. Dheweke dikenal dening para penumpang dudu merga pocapane sing seru kenceng, nanging merga eseme sing tulus.
Sawijining esuk, ing satengahe laku, pak Rahman meruhi bocah sekolah ngadeg ing pinggir dalan namatake angkot-angkot sing liwat, nanging ora enggal numpak. Pak Rahman ngendhegake angkote lan takon, "Nak, kenapa kowe ora numpak?"
Bocah iku ndhingkluk, "Yatrane kirang, kantun sewu Pak. Ongkose rak tigang ewu ta nggih?!..."
Tanpa mangu meneh, Pak Rahman supir angkot iku mesem, "Ya wis, munggaha wae! kurange mengko bisa kok bayar yen kowe wis gedhe lan dadi wong sukses!" sumaure karo gojegan.
Penumpang liyane padha mesem krungu pocapane pak supir. Bocah iku sanalika bingar praupane, banjur numpak angkot iku.
Ora mung sepisan-pindho Pak Rahman tumindak kaya mangkono iku. Kadhang dheweke ngrewangi ibu-ibu sing kentekan ongkos, kadhang ngrewangi nyabrangake wong tuwa sing mlakune kethekelan nganggo teken. Tau uga dheweke ngendhegake angkote saprelu nulung penunggang pit montor tiba ing pengkolan dalan.... lsp lsp.
Senadyan pengasilane pas-pasan, Pak Rahman tansah angucap, "Rejeki iku dudu amung dhuwit, nanging rasa seneng lan marem bisa biyantu wong liya."
Lumakune warsa, ganti dina ganti wulan, ing sawijine sore, ana priya kanoman nunggang angkote. Ing pungkasan entek-entakane lakune angkot, priya iku mandeng pak supir lan ujar, "Pak, taksih kemutan boten kalih lare sekolah sing kala emben Bapak tulungi numpak angkot?, saniki kula sampun nyambut damel. Niki sekedhik tandha pamatur nuwun kula!" karo ngulungke amplop cilik. Nanging Pak Rahman nampik klawan alus.
"Matur nuwun Nak, yen sliramu wis dadi wong becik lan sukses, iku wis cukup kanggone Bapak iki Nak!"
Iya kaya mangkono iku, saben uwong kang tau nunggang angkote Pak Rahman, tansah entuk piwulangan kang migunani, 'dene nadyan kabecikan cilik/ora sepiroa bisa nularake aklak lan nandhes suwe kang nyipati tumindak kabecikan iku.'
Sumangga! đ«Ž
Nuwun đ
JM, parak esuk, 111025
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar