MANUNGSA DUDU BARANG
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19uLxnL1FA/
Ing paham budaya 'industri kapitalisme' duweni sipat dene manungsa dianggep lan disajajarake minangka sumber daya. Mulane ana sebutan sumber daya/tenaga alam lan sumber daya manungsa. Lan ora nggumunake jroning budaya iki sasama manungsa katindakake lan kaanggep minangka alat kanggo pikoleh kauntungan pribadi. Para pribadi kang duweni panguwasa sawenang-wenang meres tenagane sasama kepriye supaya bisa ngasilake paedah saakeh-akehe kanggo kauntungan pribadi datan rasa kaadilan sacara kamanungsan.
Panganggep budaya kaya mangkono iku sejatine wus dumadi ing jaman nenek moyang nganti saiki isih lestari, senadyan kadhang disamarake kabungkus kanthi alus.
Ing negara +62 iki kepriye, apa iya kapatrapan ana budaya kapitalisme kaya mangkono? Lamun katalisik kanthi temen, ora bisa diselaki uga ana budaya nengenake kauntungan krana sumber daya manungsa didadekake buruh kang kurang diajeni (opahe murah), ora ana pangayoman kanggo uripe ing tembe mburi, jaminan sosial isih adoh sinebut 'layak' (memper). Upaya protes (unjuk rasa) iku mratandhani yen mengkoni tenaga manungsa isih adoh saka rasa kaadilan.
Prelu dicathet, dene sasama kita iku dudu barang, nanging manungsa iku padhadene rinipta (ciptaan) Gusti Allah supaya kita tresnani (kaasihi) lan uga angasihi kita. Kadya apa kang Gusti kersakake minangka pepakon "Sira tresnaa marang sapepadhamu dikaya marang awakira dhewe." ; iku ateges kita kaprayogakake tumindak kabecikan kanthi ngugemi dhawuhe Gusti.
Sumangga, kita luwih jembar ing pikir lan pangrasa kita tuwin luwih ing pangati-ati ora gampang kagendeng nalika urip ing jaman kang matrapake sasama manungsa kaya alat utawa barang/bandha kanggo kauntungan pribadi. Eling, dene manungsa sapepadha kita luwih aji katandhing sawijine barang, padhadene nduweni rasa pangrasa sajajar ing ayunane Gusti.
Puji rahayu kang tinemu
sarwa katentreman kang sinedyan
bagya mulya kang pinanggya
berkahing Gusti kang tinampi.
Aa_aamin A__aamin đđ
JM, pleteking raditya, 011025
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar