MUNGSUH OWAH DADI MITRA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1BtZ44A7NJ/
Ing sajroning babagan pulitik ana sesebutan, "Mungsuh iku ora ana, kanca/rewang ora ana, sing ana yaiku padhadene duwe KAPENTINGAN."
Kapentingan ing kene ditegesi padha-padha kapreluane, kabutuhane, kanggo nggayuh apa kang sinedya.
Anane kapentingan sing padha, mula sing maune mungsuh bisa dadi mitra kenthel / raket. Mungsuh owah dadi mitra raket iku sah-sah lan becik-becik bae, anggere memitran iku ana pangapurane lan kerukunan, ora amung mligi kapentingan bae.
Iya kaya mangkono iku bab kekancan/memitran ing babagan pulitik sipate semu, ora langgeng mung sawetara mangsa bae. Iku kasunyatan kang ora bisa diselaki/diendhani. Mula ana sesebutan uga, 'Pulitik iku kejem!'
Kang mrihatinake, kapentingan pulitik iku bisa njalari padhadene nyemoni siji lan sijine malah luwih ndrawasi tega-tegane pitenah, maeka, memoyok, nenacad, ngundhat-undhat, ngala-ala mungsuh kapentingane utawa marga serik nate ora oleh bagean empuk, kabeh mau kondhang sesebutan "perundhungan".
Bab perundhungan ora amung ing babagan pulitik bae, nanging wektu-wektu pungkasan iki akeh kawartakake ing babagan pasrawungan ing satengahing masarakat, luwih-luwih perundhungan ing wengkone pawiyatan (sekolah-sekolah, piwulangan inggil) lan uga antarane pegawe/karyawan. Ana bae pendhak dina kabar sing nyedhihake, kayata mahasiswa/i ketemokake jisime ing sawah/kebon kosong, ceblok saka gedhong jalaran keweden ora bisa nyelaki/nyingkuri kejeme pepoyok, lan panyiksan liyane dening kancane..... heemm iba mrihatinake!đđ„ž
Ing bab kasebut, para kang kawogan ing wengkone pangadeging ukum, dijaluk duwe rasa kaadilan masarakat kanggo mbalekake kapracayan masarakat marang pamengku ukum kang kawogan minangka tugas kuwajibane. ⚖️đš⚖️
Nuwun, đ
JM, pajar sidik, 261025
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]


Komentar
Posting Komentar