WUCALAN BUDI PAKERTI

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1YqnSuwXqP/

Pergi Belajar đŸŽ¶đŸŽ”

"Oh, ibu dan ayah selamat pagi

Ku pergi belajar sampai 'kan nanti"

"Selamat belajar nak penuh semangat

Rajinlah selalu tentu kau dapat

Hormati gurumu, sayangi teman

Itulah tandanya kau murid budiman"


Nuwun para kadang sutresna, punapa wonten ingkang taksih kemutan lelagon lare-lare kados ing nginggil? (menawi boten klentu anggitan ibu Sud)

Mbokbilih ingkang miyos ing warsa pitung ndasa sapengandhap taksih saged ngrepekaken larikan lagu kasebat.

Ing larikan kaping kalih saking ngandhap kaserat "Hormati gurumu, sayangi teman" nelakaken bilih murid punika, kasebat budiman (lare luhur bebudenipun) salah satunggalipun urmat (ngaosi, ngajĂšni) dhateng guru lan nresnani kanca-kancanipun. Sejatosipun punika ngandhut wucalan 'budi pakerti' dhateng lare-lare alit kang lebet sanget maknanipun.✍️

Emanipun, wucalan budi pakerti sampun dipun icali saking 'kurikulum' (daptar piwucalan)  dhasar dumugi SMP. Mila lare-lare ingkang wedalan pawiyatan dhasar wiwit warsa 1970 sapanginggil (ning boten sadaya makaten lho) boten tepang ingkang naminipun budi pakerti kang mucalaken unggah-ungguh (sopan santun) ngaosi (ngajeni) tiyang ingkang langkung sepuh, rama-ibu klebet pendhidhik. Wonten pitutur kangge lare-lare , "He anakku, ngrungĂ”knĂ„ marang pamĂȘrdine bapakmu, lan Ă„jĂ„ ninggal piwulange ibumu." Menawi pitutur punika estu-estu punetrapaken ing pendhidhikan kulawarga, mbokbilih saged urun adamel kukuhipun jiwa satriya kaum taruna bangsa, nebihaken saking kenakalan remaja (taruna-mudha).


Kados pundi nalaripun, lare wiwit alit boten pikantuk wucalan budi pakerti ing pawiyatan TK dumugi bangku SMP lajeng sasampunipun remaja/taruna asring gelut kroyokan (tawuran)? Salajengipun malih sasampunipun mlebet ing pedamelan pikantuk kalenggahan/jabatan ugi ngetingalaken tumindak ingkang boten pinuji?


Kawontenan punika ingkang dangu-dangu nyebar ngrembaka dumugi ing lapisan masarakat ngandhap nulad dhateng pangadeging praja, sadaya ingkang nggadhahi kwasa samya nerak tatanan budi pakerti.

 Contonipun, wĂ”ntĂȘn lare sĂȘkolah dipun jĂšwĂšr utawi punthuthuk garisan gurunipun awit saking ndhugalipun tansah damĂȘl rĂȘribĂȘt ing kĂȘlas, kadĂ”stĂ„ rĂȘmĂȘn mĂȘmĂ”yĂ”k, mĂȘrĂȘs lan damĂȘl ajrih kancanipun kang kasĂȘbat 'pĂȘrundhungan'.

 ĂȘĂȘm... lhadalah... lha kĂ”k tiyang sĂȘpuhipun nglapurakĂȘn dhatĂȘng pulisi ngantĂ”s sang guru dipun lĂšngsĂšr saking tugasipun. MbĂ”kbilih, tiyang sĂȘpuhipun nalika taksih sĂȘkolah ugi bĂ”tĂȘn tĂȘpang kaliyan wucalan budi pakĂȘrti (kĂȘdahipun tiyang sĂȘpuhipun ndukani putranipun ingkang nakal). Kepala sekolahipun boten saged tumindak punapa-punapa.


Makaten menggahing pamanggih kula (nuwun sewu menawi klentu 👏) matrapi kedadosan kang damel miris ingkang sumebar wartosipun lan dados pirembagan rame ugi ing ratmaya.

Nyumanggakaken đŸ«Ž lan nyuwun pangapunten bilih andharan punika kirang trepsila.

nuwun 👏


JM, madya raina, 241025

         ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

         [^__^]  [^__^]




Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊