MUKIDI GAWE ULAH ING 'GERBONG TIDUR' KRETA MALAM

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19psyDsa2N/

Bengi iku Mukidi entuk karcis sepur ing 'gerbong tidur'. Nalika mlebu dheweke kaget weruh peturone asri kaya hotel mini.


"Wah, iki ranjang apa jlomprongan? kok ana bantal empuk barang. Aja-aja yen aku turu sepure mlaku dhewe jroning ngimpi ketemu pramugari."😮


Penumpang liyane mung nglirik, padha mbatin bakal ana ribut-ribut sawengi muput kih. đŸ« 


Bareng lampu wiwit dibleretke, Mukidi ora bisa meneng wae. Dheweke wiwit ngobrol karo penumpang ing ranjang dhuwure.

"Mbak, ati-ati mbak. Yen sepure dadakan ngerim, aja nganti ceblok ing pangkonku ya. Aku durung siap duwe kluwarga anyar!." 😜

Penumpang ing ranjang ndhuwur wegah mangsuli, mung bisa nggeret krukupan kemul ethok-ethok turu.


Sawuse iku, Mukidi wonge ora bisa meneng, wiwit mbukak koper ngetokake speker mini njur nyetel musik ndhadhut lirih : "Kreta malam bawa aku padamu...đŸŽ¶đŸŽ”


Kabeh wong sagerbong protes  "Ssssttttttt!!!... jok ribut sampean kangne!"

Ning si Mukidi mangsuli kalem,

"Menenga, tenang.., aku lagi latihan dadi bidhuan. Yen sesuk viral, karcis sepur entuk diskonan, luwih murah kan?... hehehee!!" 😜đŸ€Ș


Suwe-suwe Mukidi krasa luwe. Deweke mudhun saka ranjang, ndhudhah sangu mie instan cup, nuli mbengok, "Apa ana sing arep nitip banyu panas? Aku sisan arep antri njaluk nang pramugari!"


Wekasane, sagerbong malah padha nitip beneran. 'Gerbong tidur' owah kaya dhapur umum. đŸ« đŸ«Ą


Puncake, wektu tengah wengi sepur ngliwati trowongan, kabeh katon peteng ndhedhet. Mukidi malah wara-wara nganggo swara seru, "Bapak-ibu penumpang, katuran mendel... yen ana sing kelangan sandhal ing petengan, iku dudu salahku lho, ning ulahe makluk alus gerbong iki! ... hihi hihiii" 😜đŸ€Ș


Sagerbong padha ribut-ribut, ana sing ngguyu ngakak, ana uga sing kebingungan.


Sidane pramugari teka karo nesu-nesu.

"Mas, iki gerbong tidur, dudu pasar malem!"


Mukidi mringis karo mesem amba njur slonjoran ing ranjang.

"Menenga wae mbak..., aku mung gawe kabeh penumpang ben ngimpi  endah. Soale yen turu karo ngguyu, mesthi dadi sehat!...", wangsulane Mukidi kalem.


Bengi iku gerbong tidhur ora kok lerem, malah kebak swara cikikak-cekikik padha ngguya-ngguyu. 

Njur Mukidi didhapuk dadi 'Pengaco Propesional Kereta Malam.. ' 👍😜👋

Penumpang sagerbong padha ngleker cep klakep turu angler...😮😮. 

Sabanjure, apa ya sing kira-kira bakal ditindakake si Mukidi???....ning sajake Mukidi kentekan akal arep gawe usil..... "ditutuge ing obrolan iseng suk ae .... melu-melu ngorok kaya penumpang liyane ahhh 😮😮.."

Sugeng sare nggih.. 😮😮


JM, madya ratri, 201025

         ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

         [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊