AJINING RAGA SAKA ING BUSANA
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1AGXebzTqa/
Seratan punika anjangkepi seratan inggahan saderengipun bab 'Ajining dhiri dumunung ing lathi.' (https://enpeoke.blogspot.com/2025/10/ajining-dhiri-dumunung-ing-lathi.html?m=1)
Ing jaman samangke, bebasan kang asring kapireng "Ajining raga saka ing busana" miturut pamanggih kula kados boten salaras/cocok utawi kawastanan nyempal pangetrapanipun. Nuwun sewu menawi lepat đ
Pratelanipun makaten;
Busana pancen anggambaraken ajining tetiyang jalaran ketingal rapi, resik lan nengsemaken nalika sinawang. Punika saged katampi pangetrapanipun bilih punsarengi kalihan solah bawa, sipat, watek lan budi pakerti kang sae/luhur. đ
Nanging emanipun ing jaman samangke, kathah tetiyang kang nganggge busana/rasukan sarwa neces, ngagem jas pantalon lan dhasi, nanging boten nggambaraken kanecesanipun. Tumindakipun mburu kapentingan dhiri lan golonganipun, boten maelu kapentingan tiyang kathah (rakyat). Kathah lan sanyata boten saged punselaki tiyang ingkang ngagem busana (ngadhahi kalenggahan ing panguwasa, pamong praja lsp.) tumindak korupsi nylewengaken kaskaya nagara. Pitakenan salajengipun, ing sisih pundi ajining raga/salira saged dipun ajeni saking busananipun? Kok kadosipun boten salaras nggih kaliyan bebasan "Ajining raga saka busana". Pancen bebasan punika saged puntampi salaras bilih dipun tlisik datan wuwuhan mligi tetembungan kalawau.
Sacara wetah lan jangkep tetiyang kaprayogakaken njagi kapribadianipun mengku kekalihipun, njagi pocapanipun lan ngatingalaken kanecesan/rapi, estu badhe pikantuk pambijen/pangajen kang sae. Pramila, jangkeping bebasan boten saged punpisah, ngemu kekalih bebasan kang minangka piwulang luhur :
"Ajining dhiri dumunung ing lathi, ajining raga saka ing busana."
Nyumanggakaken đ«Ž
Nuwun,
rahayu wilujĂȘng kang dĂšnajĂȘng
bagas saras kang linaras
bagyÄ mulyÄ kang pinanggyÄ
bĂȘrkahing Gusti kang tinampi...
Aa_aamin A__aamin đđ
JM, pajar-sidik, 071025
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar