AJINING DHIRI DUMUNUNG ING LATHI
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1FBnyQqGFk/
Wonten pamanggih nyebataken, tetiyang ingkang kalebet sampurna punika mawi katrangan sampun saged ngereh dhateng jiwa saha saranduning (sakojur) awak/badanipun piyambak.
Pratelan pasemonipun kinten-kinten makaten, turangga/jaran ingkang sami kita etrapi kendhali ing irung lan cangkemipun, satemah manut marang kita, kita saged ngendhaleni badanipun sadaya.
Lan malih , prau-prau, kapal sanadyan ageng sanget sarta punsurung dening angin kang rosa, ewasamanten saged kainger-ingeraken sarana kemudhi kang alit sanget, manut ing sasekecanipun jurumudhinipun.
Lah, latu/geni sanadyan namung sapelik saged ngobong gedhong kang ageng, ewasamanten wusananipun saged kinendhalen senadyan kanthi rekaos.
Makaten ugi ilat lan lambe/lathi, sanadyan dados perangan badan kang alit, ewasamanten saged ngumukaken lan utawi misuwuraken prakawis-prakarawis kang ageng.
Asring kita mireng tetembungan "Ajining dhiri dumunung ing lathi," anggadhahi teges kang lebet, inggih punika pocapan mengku perangan kendhali kang penting, awit saking pocapan punika jati dhiri badhe dipun ajeni lan punbiji dening tiyang sanes. Pramila kaprayogakaken kita kedah saged animbang-nimbang sacara satiti punapa temahanipun ingkang saged punwujudaken saking pocapan-pocapan kang kawedal. Sampun sepisan-pisan kanthi sembranan anggenipun ngunandika, ora ngomong angger ngomong bae! ngendika sasekecanipun piyambak!
Nyumanggakaken! đ
Nuwun,
rahayu wilujĂȘng kang dĂšnajĂȘng
bagas saras kang linaras
bagyÄ mulyÄ kang pinanggyÄ
bĂȘrkahing Gusti kang tinampi...
Aa_aamin A__aamin đđ
JM, gagat enjing, 061025
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar