SAMUBARANG KELAKONE WUS KATETEPAKE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17RDhhmzCN/

  Samubarang kabeh sing kelakon ing donya iki kelakone ing wektu sing katetepake dening Allah.

  Panjenengane netepake mangsane golek lan mangsane kelangan; mangsane nyelengi lan mangsane mbuwang.

  Yen kita nyemak gonjang-ganjinge kahanan uripe manungsa kang tansah gumregut anggone nyambut kardi, iku mujudake salah sijine udhu, gacuk lan sangu kanggo nerusake darmaning agesang.

  Nalika uwong anggone ngupaya rejeki pikoleh apa kang dadi kabutuhan dhiri lan kulawarga lan wus kaklumpuk kanggo mangsa urip ing tembene, prayogane prelu padhadene ngrumangsani kabeh iku marga saka keparenge lan berkah nugrahaning Gusti. Aja padha supe atur puji sokur ing sakabehe iku.

  Prelu samya ngelingi dene kelakone ana watese wus katetepake, ana wancine kapan keklumpuk nyelengi rejeki lan kapan migunakake. Iya ana wancine mblanjakake lan nanjakake kanggo dedhana sedhekah tumraping sapepadha.


Puji rahayu kang tinêmu

sarwå katêntrêman kang sinêdyan

bagyå mulyå kang pinanggyå

bêrkahing Gusti kang tinampi.

Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, t3lulasokt's3law3

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊