Postingan

Menampilkan postingan dari 2024

KADADEAN SEPELE GEDHE TULADHANE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1GvYk5THM1/?mibextid=oFDknk Tulisan iki karingkes saka crita nyata pemudhik (pawongan mulih nyang udhik). Wanci sore nalika aku satengahe mudhik seka Jakarta tekan Purwokerto mampir ing Alfamart. Sawuse metu saka Alfamart, aku nyawang ana Bapak sepuh kira-kira 60 taunan jenggoten dawa, dodolan kripik nganggo pit onthel mandheg ing pinggir dalan ngarep Alfamart. Enggal dakampiri Bapak sepuh iku lan dakluruhi/dakaruh-aruhi (kusapa, bs.Ind) : " Sadean napa Pak?" Wangsulane Bapak sepuh : " Oo, niki Mas werni-werni kripik Mas, niki kripik tempe, kripik singkong lan pisang" Pitakonku meneh : " Pinten regine kripik tempene, Pak?" Bapak sepuh : " Mirah Mas, namung Rp.5.000 mawon sawungkus, mangga dilarisi " Aku : " Sedasa ewu 3 pikantuk mboten, Pak? " nganyangku. Sanalika praupane katon yen setengah jengkel nadyan diempet, nanging nyoba mesem Bapak Sepuh mangsuli : " Ngapunten Mas, regi...

JÊJÊRITE BUMI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15R3gMzpLE/?mibextid=oFDknk Bumi riptane Gusti, elõk kawitane krånå polahe manungså samangkyå såyå surêm kaendahane. Bantålå såyå makingking krånå gundhul alase ayo gõtõng rõyõng gyå têtandur. Wit-witan kababad, banjir bandhang anrajang ayo kitå tanêm wit-witan lan kêkêmbangan. Sato kewan padha kingking, papan panguripane kaobrak-abrik jaile manungså ayo kita gyå tumandang sêngkut mrih asrining alam. Sumbêring tirtå jêmbêr dening uwuh bêkakrahan. ayo kitå gyå tumandang nglawan karusakan alam. Lapisan atmõsper mõprõl nggrõnggõng ayo kitå sêngkut ngrêkså lêstarine. Jêjêrite bumi ngambrah-ambrah, ès kutub lubèr jugrug, palêmahan karêndhêm tirtå horêg lõngsõr tinêmu ing sadhengah tlatah ayo sayuk-sayuk ngrêksa wutuhing jagad råyå. sorogan :  Para kadang sutresna, guritan kasebut rinakit saking dene ✍️panulis✍️ nggagas-nggagas lan miris dene wektu samengko iki ing ngendi-endi akeh kedadean bencana alam kang nggegirisi...

SARING SEBELUM SHARING

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15EetrMukn/?mibextid=oFDknk Ing basa Indonesia kita asring nemoni tembung " saring sebelum sharing ". Iya, tembung iku sabenere dipigunakake ngandhut pitutur, pepeling supaya kita ora angger bae ambage warta kang durung temtu bener orane. Pitutur iku nduweni makna luwih teges ing jaman saiki nalika ambage/nyebarake sawijine warta segampang banget klawan ngobahake driji ing lembaring layar gawai (piranti elektronik). Pepeling utawa pitutur kasebut sejatine ngelingake pangati-ati lan luwih satiti. Ora kabeh pawarta kang dipireng iku bener. Ora kabeh warta/kabar kang katampa komplit lan menehi gambaran wutuh ngenani sawijine kedadean. Mula luwih prayoga dibutuhake banget sumadhiya ngurbanake wektu kanggo nggoleki kabenerane sawijine kabar kanthi satiti sadurunge pracaya, apa maneh nyebarake klawan ambage-bage ing medsos. Ing jaman saiki kamajuan teknologi informasi kita ngenal sing jenenge kabar apus-apus, goroh, kabar pa...

🌲TÊRWÅCÅ KAPYARSI 🌲

Gambar
  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/1BSur6Ype8/?mibextid=oFDknk Têrwåcå kapyarsi Gung Pawarti tidhêm sami samyå sumadhiyå ing Dalu Suci, rawuhnyå nJêng Gusti. Kasukan kawulå punabdi sèstu dènparingi jagad dènrêsiki, wit saking rawuhing Gusti,  Kasucèning tyas, karêsikaning manah dede saking labêt punabdi, kêjawi mung Sihing Allah. Gusti, sinungå kawula manah kang suci anggyå pambagyå tumêdhaking Sang Pamartå nJêng Gusti.    🌲 SUGÊNG RIYAGUNG NATAL 🌲 Têntrêm rahayu ing antawisipun prå abdining Gusti kang piniji. Gusti ambêrkahi... Aa_aamin  A_aamin 🙏🙏 JM, malêm natal , 241224            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️           [^__^]  [^__^] Terdengar jelas berita Sukacita dikeheningan semua bersiap di Malam Suci atas kedatangan Tuhan. Sukacita hamba sungguh benar pemberianNya dunia dibersihi, karna kedatanganNya. Kesucian hati, bersihnya hati bukan karna usaha hamba, kecuali hanya karna kasihNya....

ING JURANG KASANGSARANKU

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/18BANV8Q7Z/?mibextid=oFDknk Ing jurang kasangsaranku aku ujar sorå, dhuh Gusti! Midhangêtå rêrintih twin pandongå kawulå punabdi. Salêbêting doså kalêpatan tansah emut Padukå sêtyå nyadhõng pangaksåmå twin sih-palimirmå Padukå, mugyå sinung yêkti kang pinanggya. Dhuh Gusti!, nugråhå pangaksami kang tinampi pêparing Padukå awit wêlas asih Padukå karumêntahakên mring kawulå. Sèstu Padukå ngrêmbat lan mbirat doså kalêpatan kawulå ing pakaryan kawilujêngan sampun kababar sanyåtå. Puji, Pinujia Gusti twin Kamulyan Padukå salaminyå....       Aaa_aaminn A_aamin🙏🙏 JM, lingsir wêngi , 221224            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️            [^__^]  [^__^]

🎶 MONTOR-MONTOR CILIK 🎶 Panganggit : Ki Narto Sabdo

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/19we7oTTYX/?mibextid=oFDknk Mõntõr-mõntõr cilik sing nunggang mblênêg Lungguh lênggat-lênggut ngantuk siyat-siyut Mak gragap nèng têngah krêtêg ånå grobag mandhêg Grobage isi babi Ambune ra pati wangi Pak gedhe cêngar-cêngir babine njêdhar-njêdhir mõntõre têrus mak ngõk babine sênggrag-sênggrõg ngõk, nggrõg, ngõk, nggrõk ngõk, ngõk ngrõg. ngrõk ngõk, ngõk ngrõg. ngrõk Kados pundi makananipun?.... sumangga, Ing pada sepisan, nggambaraken dene samukawis punika menawi kagengen pikajeng saged rendhet lampahipun, ambyarr angen-angene, kadidene montor cilik ditunggangi wong gedhe awake. Saking rendhetipun anggene lenggah ngantos sar-ser siyat-siyut. Sangsaya malih kepanggih grobag mogok (ing pada kaping kalih) ketambahan isi babi lha nggih tambah kemawon alanganipun, saged telat/kasep menawi selak kesesa... heemm 🫡 Gegambaranipun kalajengaken ing pada kaping tiga lan sekawan. Senadyan lagu dolanan, ngemu tuladha lamun badh...

CUACA EKSTREM

  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1DZdZqaY2w/?mibextid=oFDknk Sacara umum, pangertene " Cuaca " yaiku kaanane hawa 'atmosper/atmosfer' ing wektu lan ing laladan/wilayah tartamtu gandhenge karo adhem-panase hawa (suhu udara, bs.Ind.), sunare srengenge, angin, udan lan owah-owahan kaanane hawa liyane. Dene pangertene " atmosper/atmosfe r" yaiku lapisan hawa kang ngemuli bumi nganti dhuwure +/_ 300 km kang isine maneka campuran gas nitrogen, oksigen, argon lan gas-gas liyane. Ing wekasan iki asring kapireng warta-warta ing tv bab "Cuaca Ekstrem" kang digiyarake dening BMKG (Badan Meteorologi, Klimatologi dan Geofisika). ' Cuaca ekstrem ' bisa digambarake kedadean owah-owahan kaanan iklim alam sacara njomplang lan dadakan. Kedadean cuaca ekstrem bisa jalarane : 1. Owah-owahan iklim, disababake anane pamanasan global (sacara warata) ndadekake cuaca ora temtu kadhang banget panase kadhang banget adheme nyempal saka padadan. 2. ...

NYENYAMAHAN KAORMATAN WANITA DENING PRIYA TUNADAKSA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1QwjhtWgpS/?mibextid=oFDknk Kaprungu kabar yen ana palanyahan lan nyenyamahan kaormatan wanita (pelecehan seks) dening priya tunadaksa (cacad laire) marang mahasiswi, masarakat digawe kaget! Kok bisa ya ngatase pawongan ora sampurna ing anggane ora duwe tangan tumindak nistha nyenyamah? Ananging, miturut salah siji Komisioner Komnas Perempuan, pangertene masarakat bab nyenyamahan seks klebu pangrudapeksa seks cara olehe nyawang kurang jembar, mung disawang saka kacamata laire wong normal bae. Nyenyamahan seks kayata pangruda-peksa (pamrakosan seks) ora mung winates hubungan badan bae ning bisa uga liwat cangkem kanthi meksa mawa ngancam-ancam. Pangruda-peksa bisa uga katindakake migunakake barang-barang utawa angga/awak liyane kayata sikil. Malah bisa uga si plakone meksa kurban nyekseni pidio utawa photo intim nyebarake wirang/aib. Utawa bisa uga tumindak nggrayangi, ngusap-usap bagean badan kang wadi tanpa pasarujuka...

RANCANGAN UNDHAK-UNDHAKAN PAJEK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17WfGMVddM/?mibextid=oFDknk Ing taun ngarep 2025, pamarentah ngrancang arep ngundhakake pajek yaiku Pajak Pertambahan Nilai (PPN). Miturut Menteri Keuangan RI, mesthekake undhak-undhakan PPN saka 11% owah dadi 12% kaetrapake amung kanggo barang-barang 'mewah' bae. Sawetara, barang lan jasa seprene iki kang dadi kabutuhan pokok masarakat akeh bakal tetep dibebasake saka pangetrapan PPN. Kang gawe legane masarakat kabeh, Menkeu ngendikakake, " Dak baleni lan daktegeske, barang-barang kang ora dietrapi ing PPN tetep ora dietrapi pajek kasebut. Ananging PPN 12% bakal kaertrapake amung marang barang-barang kang kaanggep mewah!" (kadudud sumber berita cnnindonesia.com/ekonomi/20241212210834-532-1176802/..) Menkeu ngunandika meneh, dene barang lan jasa kang tetep bebas saka ing PPN 12% yaiku barang kang klebu kabutuhan pokok kayata beras, daging. iwak, tahu tempe, endhog, sayuran, susu seger, gula, jasa pendhidhikan, jas...

SAIKI AKU NGERTI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BJg16nDJR/?mibextid=oFDknk Saiki aku ngerti, - nadyan kita wis ngupaya lan nyambut gawe mempeng, - nadyan kita wis nindakake wajibe printah agama,  - nadyan kita wis sregep ngibadah ing dalem pangibadah (mesjid, greja & kuil), sregep ndedonga, lan nindakake pakaryan sosial, ananging panggah bae uripe sarwa kesrakat lan mlarat. Aja kuwatir! ora prelu was sumelang lan cilik ati! apa maneh, ngundhat-undhat/nutuh marang Panjenengane Gusti Allah Kang Ma' Kawasa kang ngereh jagad saisine. Ana bocah cilik pitakon marang ibu bapake : " Ibu bapa, kenging menapa kita mlarat?" Kanthi sareh sang ibu ujar, " Thole, urip iku kaya mlaku-mlaku ing Supermarket" "Kabeh wong bisa milih lan nggawa barang-barang sing dipengini. " bacut ujare ibune. " Sapa sing nggawa sapotong roti, dheweke kudu bayar regane sapotong roti." "Sapa sing nggawa telung potong roti, kudu bayar regane roti telung pot...

WELINGE BAPA MARANG PUTRA MANTUNE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15JCDjrbv7/?mibextid=oFDknk - "Sing sepisanan ngrangkul putriku iku aku, dudu sliramu." - "Sing sepisanan ngesun putriku iku aku. dudu sliramu." - "Sing sepisanan ngopeni putriku iku aku, dudu sliramu." * Sinambi ngusap eluhe 🤧, sang bapa mbacutake,  "Ananging, aku nduweni panjaluk (pangarepan) marang sliramu dadia bojo kang ngancani putriku saumur uripe." "Aja nganti dheweke kok sia-sia lan kok larani, utamane pangrasaning ati!" "Lan sawanci ing dina mengkone sliramu wis ora tresna meneh, aja kok kandhakake dheweke, ning cukup mung kok aturke marang aku! Aku bakal ngajak nggawa mulih!" 😍🤧 Ukara ing nginggil dhawuh welingipun bapa nadyan ketingalipun sapala, nanging anggadhahi makna ingkang lebet saha salaras kalihan Catur Weda ing salah satunggaling adicara urut-urutan tiyang sepuh mantokaken putrinipun kinasih. Catur Weda mujudaken satunggaling acara dhawuhipun bapa d...

PRABEDA PAMANGGIH PUNIKA ENDAH

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/14uxEVJyiZ/?mibextid=oFDknk Para sanggya kadang kang kinasih, kita samya ngawuningani bilih saben tiyang anggadhahi kekiyatan, karikatan, kacukatan, katrampilan kang beda-beda, gumantung yuswa, kesehatan, padadan lsp lsp. Makaten ugi ing salebeting konkiren, jor-joran rebat unggul upados dedagangan lss. Ing kawontenan kados makaten temtu wusananipun nuwuhaken regejegan boten sehat, saged-saged ndadosaken memengsahan sacara tinarbuka. Pramila satunggal lan satunggalipun kedah saged ngendhaleni kanepson lan sasaged-sagedipun ngemuti bilih sadaya sampun nggadhahi rejekinipun piyambak-piyambak, Gusti Allah ingkang ngatur. Ewa samanten, kadadosan prabeda pamanggih punika endah lan sampun jamak kang kawastanan endahing dhemokrasi.  Emanipun, ing babagan politik wonten kemawon ingkang sami rebut kursi panguwaos, udreg-udregan menangipun piyambak, ngasoraken ngasanes boten ngajeni malah kelangkung ngolok-olok lawan tandh...

JAGAD KADHÊMÊN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15GZdySAXi/?mibextid=oFDknk Jagad kadhêmên, mêthõthõl kaku katêntrêman, sanyåtå datan tinêmu. Pagêblug kasêwênangan, panyiksan gawe judhêg ing samêngko ngåmbrå-åmbrå nora kandhêg. Upåmå aku pangõn, dak pasrahke wêdhusku upåmå aku juragan, dak pisungsungake råjå-branaku Nadyan aku urip påpå, dak kurbanake uripku cikbèn jagad iki nora kadhêmên kaku. Têntrêm rahayu dadi gêgayuhan prå umat tansah kasuwun Gusti sinung sih-rahmat. Dhuh Allah pêpujan sanggyaning prå kawulå uwalkên kawulå saking bêbêndu Padukå. JM, lingsir dalu, 041224            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️            [^__^]  [^__^]

🐓 ADU JAGO 🐓

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/17sgGG8pxr/?mibextid=oFDknk Adu jago wis purnå ånå kang wijåyå twin kasõr nlångså. Sing mênang kluruk monggat-manggut sing keyõk pêtõkk.. petõk..petõk.. mèsêm kêcut. Saantero tanah padesan rame-rame padha gêgojègan. Ngêlus-êlus jago sing dadi andhêlan åjå lêpyå maring janji sampeyan. Ora kurang ugå ånå sing têtangisan nggêlani mring kêkalahan. Mantri kêsehatan kêbanjiran njampèni sêsambate pårå kurban. JM, lingsir wêngi, 301124            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️            [^__^]  [^__^] # pilkada   𝑷𝒊𝒍𝒌𝒂𝒅𝒂 𝒂𝒋𝒂𝒏𝒈𝒆 𝒂𝒅𝒖 𝒋𝒂𝒈𝒐 𝒔𝒂𝒌𝒂 𝒌𝒖𝒎𝒑𝒖𝒍𝒂𝒏𝒆 𝒌𝒐𝒂𝒍𝒊𝒔𝒊 𝒑𝒂𝒓𝒕𝒆2 𝒏𝒈𝒂𝒋𝒐𝒌𝒂𝒌𝒆 𝒋𝒂𝒈𝒐𝒏𝒆 𝒅𝒉𝒆𝒘𝒆2, 𝒔𝒊𝒏𝒈 𝒌𝒆𝒚𝒐𝒌 𝒃𝒆𝒏𝒈𝒐𝒌2 𝒔𝒕𝒓𝒆𝒔! 🫣

KASETYAN MRING PAMARENTAH KANG PINRACAYA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/15cS6iPBG5/?mibextid=oFDknk Minangka warga masarakat, kita diwulang tansaha nresnani mring sapepadha kanthi tulusing ati. Pitakone, apa setya lan tresna tetep bisa diecakake marang pamarentah sing tumindak ora adil kang maune pinracaya? Pitakonan baku kepara dhasar iku banget ngosikake rasa kaadilaning masarakat wong cilik sing ora bisa denselaki. Masarakat rame-rame jumangkah bebarengan menyang senthong pamilihan nggawa saabreg pengarepan supaya oleh pemimpin kang amanah. Ananging, sairing lumakuning wektu kaprungu yen ana bae saperangan pemimpin kang nerak paugeran negari kecandhak ngunthetake branane negari alias tumindak "korupsi'. Kadadean iku ora amung ing pamarentahan ndhuwuran ning uga dumadi ana ing pamarentahan dhaerah. Miturut piwulangan kang kita tampa ing bangku pawiyatan, pamarentahan ing tataran pusat tekan dhaerah diwujudake kanggo angatur tatanan panguripan saben warga nagara murih masarakat adil makmur...

MAKNA KALANTIPAN PIKIR

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1EgtExnd1c/?mibextid=oFDknk Carios pak guru nembe mucal ing kelas. Ing papan tulis, pak guru nembe nggambar wit krambil/klapa ing pinggir gisik segara, lajeng wonten klapanipun dhawah/ceblok saking gagangipun. Ing wucalanipun, pak guru carios wonten 4 lare nggatosaken kadadosan ceblokipun klapa wau. Nuwun sewu, ing ngriki salajengipun kaserat mawi basa ngoko, Anak kapisan , klawan cukat dheweke njupuk salembar kertas linempit lingir 3, nemtokake pojokane (sudut..bs Ind) ngetung sepira abote krambil/klapa mawa etungan matematika, bocah iki nerangake dhuwure wit klapa lan sepira kekuwatan klapa sing tiba, komplit nganggo petungan matematika lan ngelmu phisika. Nuli pak guru ndangu mring para muride, "Apa anak iki bocah sing lantip pikire?" bebarengan para murid mangsuli, "Inggih..., piyambake klêbêt lare kang lantip." Banjur pak guru mbacutake crita, Anak kapindho , klawan rikat bocah iki nedya njupuk klapa sing ce...

KAADILAN lan DRAMA PANGADILAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/15na3P8aN1/?mibextid=oFDknk  " Nindakake kaadilan iku dadi kesenengane wong bener, nanging diwedeni wong kang tumindak ala." Wul 21:15 Ukara bebasan punika mratelakaken bilih ing babagan ukum lan kaadilan boten saged punselaki bilih kasunyatanipun dados ganjelan panegakan ukum. Hakim lan para punggawa ukum kang nembe prakawisan ing pangadilan tansah dipun-glibedi, punayang-ayangi dening pehak kang nggadahi panguwaos/kalenggahan inggil kang nglampahi kalepatan ing prakawis ingkang nembe lumampah. Pramila asring kita kasegahan drama pangadilan ingkang ngegla cetha wela-wela pepancasan ingkang boten adil. Pancen tumindak kanthi bukti-bukti ingkang estu nyata-nyata jujur, punika andadosaken prakawis ingkang punremeni lan damel bingahing tetiyang ing margi kang leres. Nanging dipun ajrihi lan damel getering gegolonganing tiyang ingkang kajiret lepat ing prakawis ukum . Pramila gegolongan tiyang punika kalawan rekadaya ...

UMAT PINILIH

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17GyZC66Z1/?mibextid=oFDknk Manungsa bisa kukuh santosa ing satengahing kahanan kang banget rekasa awit dheweke duwe keyakinan dene bakal oleh paedah, asil lan sapanunggalane kang luwih gedhe ing wektu mengkone. Sawijine pagawe sengkut nyambut gawe kanthi semangat klawan njaga rasa pangrasane supaya oleh undhakan pangkat lan kalenggahan. Sawijine pangumbara ngupaya lan lila ngirit sarta mangan saanane nedya bisa tuku omah kanggo kulawargane. Iya kaya mangkono uwong kang pinilih ing sawijine konkiren (persaingan) dudu amarga kasantosan lan kadigdayane dhewe, ananging jalaran saka kamurahaning Gusti. Sarosa-rosane kita angupaya ngoyak, kita ora bakal anggayuh asil, nanging amarga kita pinilih lan piniji awit pilihan lan kamurahane Gusti, tanpa kita ngoyak kita uga bakal nyandhak asil ing tangan. Minangka wong pracaya kang dadi umat pilihan, kita ora usah mikiri si A utawa si B uga dipilih. Sing baku kita ora prayoga meri...

INDONESIA NAGRI ADI

Gambar
  kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/14CTQNR8kE/?mibextid=oFDknk    Indonesia nagri adi, sèstu kulå belani    sing panjajahaning wångså måncå nagri.    Indonesia nagri adi, rinonce ing mutiyårå NKRI    nadyan sahastå sanyari tanah wutah-rah tansah dak jagi.    Indonesia nagri adi, sèstu kulå trêsnani    tanah wutah-rah tanah pusåkå, nugrahaning nJêng Gusti.    Indonesia nagri adi, gêmah ripah lõh jinawi    kewan, têtanêman, ulam langèn lêlumban warni-warni.    Indonesia nagri adi, ewõne pulo nyawiji    beda suku wah agåmå, ras lan gõlõngan puniki. JM, lingsir dalu, 101124            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️            [^__^]  [^__^]

KAJUJURAN WUS ORA DUWE PAPAN ING PANGADILAN

    kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14TJTqn2js/?mibextid=oFDknk Lamun kita migatekake ing proses pangadilan kajujuran dadi sawijine bab kang dibutuhake. Asring banget ing sawetara prakaran ing pengadilan para pehak apa iku kang kadakwa apa iku seksi, mitontonake solah kang ora jujur. Racake padhadene ora blaka apa anane. Dene anane mung mbela kapentingane dhewe kanthi nutup-nutupi. Apa meneh conto kadadean wekasan iki tindak ora jujur kedadean tumrap ing pehak-pehak sing duwe kapentingan yaiku si kadakwa, seksi, pengacara lan hakim. Kenapa bisa kedadean sing mrihatinake kaya mangkono? Ora ana liya mung merga mripate padha kapilut dening lembaran-lembaran sing bisa gawe mabuk nikmat kadonyan. Lali yen iku nglanggar pranatan ukum, kabeh diterak tanpa nggubris akibate.... huh dhasare sipat malak, srakah bin nggragas. Kajujuran wus ora duwe papan ing pangadilan! Emut! iki ana wulang bebasan para winasis riningkes mangkene :   Wong kang jujur uripe ayem...

KEKAREMAN NUNGGANG PIT ING YUSWA SEPUH

     kaunggah uga ing  https://www.facebook.com/share/p/192gtFqr4x/?mibextid=oFDknk Tembung 'touring' ditegesi ngonthel pit (sepedha) klawan iring-iringan 🚴🚴‍️🚴 nempuh jarak puluhan kilometer utawa ngener njaban kutha. Kanggone sing durung tau touring nunggang pit mesthi gumun lan bingung nyawang ana wong-wong sing padha touring mau. Saperangan nganggep yen tindakan mau mbebayani kebak resiko. Kamangka yen dilakoni kanthi petungan mateng, touring nyepedha malah duweni paedah kang becik tumrap si pesepedha. Ananging pancen ora diprayogakake kanggo sing duwe rasa kuwatiran, hamung diprayogakake sing duwe rasa kendel klebu bandhel lan mesthine duweni kekareman (hobi) yaiku nyenengi olahraga ngipit sing duwe sipat adrenalin luwih, sarta bisa ngresepi nikmate touring. Sejatine akeh paedahe ngepit touring tumrap pesepedha ngancik yuswa sing wus ora enom maneh, yaiku : 🚴‍ Nunggang pit iku luwih nglelantih daya pikir (uteg) lan kaprigelan motorik tinimbang nyetir montor....

PAMBESMIAN JUDI ONLINE (Judol) lan PINJAMAN ONLINE (Pinjol)

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1DVXAvXCxq/?mibextid=oFDknk Ing jaman modern samangke puniki, kita nyumurupi dene kamajengan teknologi rikat sanget damel ewah-ewahan kang becik (positip), nanging boten saged punselaki mijilipun tantangan enggal kang saya ruwet sinebut ' penyakit masarakat'. Kekalih kadadosan ingkang andadosaken bab-bab sosial ing saindenging jagad klebet Indonesia inggih punika judi online (judol) lan pinjaman online (pinjol) . Praktik judol lan pinjol boten namung mletikipun bab keuangan nanging ugi adamel maneka warni bab-bab sosial. Miturut pawarta sawetawis media, contonipun ing Pengadilan Agama Kabupaten Malang wonten 703 estri ngajokaken gugatan pegatan salebeting Januari - Mei 2024. Alesan kang punajokaken para estri inggih punika bab ekonomi, semahipun wegah utawi boten purun nyambut damel jalaran kacanduan judol. Ugi wonten pawarta sanes, ing 19 Juni 2024 wonten priya kajiret pinjol nekad mejahi pegawe satunggaling koperasi...

HAKIM NAMPA SOGOKAN (kadyadene kutuk marani sunduk)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15a7eLdh6m/?mibextid=oFDknk Hakim nampa sogokan/besel pawartane wus ora nggumunake meneh saking kerep kedadeane. Wus samesthine minangka ketua lembaga peradilan kudu tanggung jawab yen ana hakim kang ditugasake ngadili prakaran nampa besel/sogokan. Salah siji wujud tanggung jawab ketua lembaga peradilan dicopot kalenggahane. Kahanan ing wektu wekasan iki kawartakake dene ana telung hakim Pengadilan Negeri Surabaya kang nampa sogokan gegandhengan karo prekara sawijining anak anggota dewan terhormat (minangka si kadakwa) kang nganiaya dhemenane nganti tumeka pati. Hakim-hakim kasebut nampa sogokan kanggo mutus bebas marang si kadakwa (wadhuh kok nekad timen sembrana ngremehake wus dadi kawigatene wong akeh dilawan!) Mulane lamun ana hakim sing gelem nampa sogokan, kejaba dipancasi sacara pidana, ketua pangadilane uga kudu dicopot saka kelenggahane. Hakim-hakim sing tumindak kaya mangkono iki bisa diarani " Makelar kasus ...

PASAMUAN GUYUB RUKUN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/2xpWuk1myU8c5kxT/?mibextid=oFDknk Pasamuan guyub rukun, kukuh lan têtêpå lumaku sampurnaknå pasêduluran ånå ing Gustimu. Bêbarêngan pådhå sigrak, kukuh ing iman rukun têntrêm klawan sih katrêsnan. Paguyuban pasêduluran, kukuh lan klawan tinalêsan yèku Gustimu twin manunggal ing iman. Sujud manungku ing ayunan Gustimu kang kaèsthi jroning driyå bakal tinêmu. Twin kang sinêdyå badhe sinung nugråhå kang ndikå pêlêng lan srêgêp makaryå. Yogyå tumungkul atimu mring Sang Hyang Wiseså samyå sukå-sokur anut ing sabdå Nyå. Rahayu... Gusti ambêrkahi.. Amin Aminn 🙏🙏 JM, lingsir wêngi, 281024             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️            [^__^]  [^__^]

LUWIH BECIK PEMIMPIN KANG BENER TiNIMBANG KANG PINTER NING ORA PENER

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1gfoQmSNoZHHnzvk/?mibextid=oFDknk Kaadilan Allah iku mujudake panglipure tumrap wong-wong bener. Dene pengadilane manungsa ing donya iki, kita bisa nyumurupi yen rasa ora adil isih kerep kadadean. Ana bae tumindak ala, nyia-nyia (pelecehan), ora timbang karo bab-bab panguripan bebrayan, pameresan lan pamblithukan utawa pangapus-apusan sarta kadurakan liyane. Wong-wong saleh malah dadi kurban pepoyokan lan paukuman. Ana bae penegak hukum (hakim, sing jare ' wakil Tuhan ') sing tumindak aeng-aeng gawe pepancasan sawenang-wenang mung marga sipat srakah nampa besel 'gratifikasi'. Byuh-byuh sing gawe gemes bisa-bisane padha-padha panegak hukum (hakim & pengacara) dadi ' mafia hukum ' sekongkel, sekuthon sarujukan padhadene gok-sinogok aweh-tampa beselan nganti ketangkep tangan dening Jaksa Agung. Eee lha piye jal..., nalika disorot kuli tinta kok malah cengengesan sajak ngece, wis samesthine yen para mafia huk...

KENANGAN TEMPO DOELOE (panganusmarana jaman kawuri)

Gambar
  kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/vm37rwoWtUbopvmb/?mibextid=oFDknk   Bokbilih kita taksih kemutan jamu kondhang ingkang nami Nyonya Meneer saking Ungaran kab. Semarang madeg wiwit warsa 1919.    Nyonya Meneer, nami aslinipun Lauw Ping Nio, lair ing taun 1895 ing Sidoarjo, Jawi Wetan. Piyambakipun wanita wirausaha jejuluk lan kondhang minangka purahsara (pelopor,bs.Ind) prayasa, pangudi-karya (industri) jamu ing Indonesia. Meneer kapendhet saking tembung "menir" arupi pecahan uwos alus alit-alit saking nutu uwos. Salajengipun saking basa Walandi wekdal samanten menir ewah dados "Meneer" dumadining nami run-tumurun (legendaris, bs.Ind) dumugi samangke puniki.   Sasampunipun ningkah kalihan Ong Bian Wan, Nyonya Meneer jengkar dhateng Semarang. Salebeting jaman panjajahan Walandi ing taun 1900-an, semahipun nandhang sakit awrat, sawerni-wernining upados jejampi boten ngasilaken. Salebeting putus asa, bunek pikir (katelasan pangajeng-ajeng), N...

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

  kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/itD6xxVSXCPFr2Jf/?mibextid=oFDknk    - nawala tinarbuka lan nitip pesen katur para pemimpin- Pangajeng-ajenging masarakat wong cilik kagem sinten kemawon kang bakal nampi panetepan lan pangukuhan dados jejering pemimpin, menteri, pamong praja lan pandhegane pamarentahan sanesipun. Salam rahayu 🙏 Demi karsaning Gusti, samya nuhoni lan mbangun turuta dhateng sedhengah tata pamarentahan ingkang adhedhasar paugeran, undhang-undhang kang lumampah lan kaanut. - Maring pamong dalah sadaya ingkang sampun kapiji dados pandheganing pamarentahan, dadosa kang ngasta panguwaos kanthi wasis wicaksana ngayahi darmaning negari tumuju kamakmuraning bangsa. - Maring para gubernur, bupati walikota dalah para pamong praja, dadosa kang anggadhahi kuwaos netepi ngadili tetiyang kang samya anglampahi piawon, lan ngajenana tetiyang kang adamel kabecikan, sumimpanga saking pilih asih! - Samya gesanga kadya tiyang mardika, nanging sampun ng...

RUKUN AGAWE SANTOSÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/rQPMMxcgDzhdTrYB/?mibextid=oFDknk Rukun agawe santoså, sayuk rukun bêbarêngan mbangun pråjå. Rukun agawe santoså, gõtõng rõyõng ing bêbrayan sabên dinå. Rukun agawe santoså, kakung putri, wrêdhå mudhå datan bedå. Rukun agawe santoså, kasunyatan anèng donyå warnå-warnå. Ajå adigang, adigung, adigunå! Dumèh darbe pangkat, drajad, lan kapintêran. Kabèh iku bêcik pådhå dipigunaknå, kanggo muji kaluhurane Gusti ing bêbrayan. Rukun agawe santoså,  Bhineka Tunggal Ika iku wujudnå! Payo pådhå asêsantyå: Rukun agawe santoså. Rukun agawe santoså,  crah agawe bubrah wõhirå; ngèstõknå sabdèng Gusti, trêsnå sêsami. Nadyan panêmu bedå, nging tan samyå sulåyå; olah kawicaksanan, tan nang-mênangan ing ngalågå. kapêthik : kpj 368 & 357: 3 JM, lingsir wêngi, 191024             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

KEJAHATAN KERAH PUTIH

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/aXaRWoARYG8kJK4b/?mibextid=oFDknk Tembung 'Kejahatan Kerah Putih', mujudaken pangecapan nami kangge nelakaken/gambaraken jinis tumindak durlaksana (kadurlaksanan) babagan 'ekonomi lan keuangan' kang punlampahi dening tetiyang punggawa ing salebeting kantoran, bebadan usaha kang nggadhahi pangkat inggil lan wenang nemtokaken kaputusan. Sebatan 'kerah putih' punecap awit kang anglampahi tumindak kadurlaksanan wau asring panganggenipun rasukan resmi klambi pethak mawi gulonan (kerah) lan dhasi. Kejahatan Kerah Putih asringipun kadadosan kangge pikantuk manpangat arta tuwin pangkat kalenggahan sacara boten sah kanthi ngakali tatanan 'ekonomi lan keuangan'.  Contonipun tumindak durlaksana antawisipun pamblithukan, korupsi, nylinthutaken asal usuling arta (pencucian uang), dol-tinuku saham, malsokaken pasar, malsokaken dokumen aji lan tindakan keuangan sanesipun ing tatanan dedagangan (bisnis). Bedanipun ka...

KACANG MÅNGSÅ NINGGALÅ LANJARAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/gaaaVK8sPbxGMom3/?mibextid=oFDknk Lakuning jaman panguripan ing satengahing bebrayan masarakat sabangsa sanegari tuwin sajagad, ora bisa dènselaki kadyadene obahing cakra panggilingan. Saka ing mangsa trang dugeng mangsa sirep, mangsa panas tumeka ing mangsa adhem, jaman Mataram nganti jaman 'milenial' kahanane sarwa owah gingsir anut lakuning kamajuan jaman. Pemimpin kulawarga (bapa-biyung, wong tuwa), pamong tlatah pamarentahan (lurah, bupati, walikota, gubernur lan presiden) punapadene pimpinan politik, kabeh duweni tugas ayahane dhewe-dhewe. Wus samesthine dadi panutan dening andhahane kang tansah sinawang lan sinorot solah bawane anggone nggawa lakuning palwa kauripan. Anut ngandikane pårå wasis :   " Kacang mångså ninggalå lanjaran, yèn kang aran salokå. Lanjaran mono dadyå rambatan, si kacang mrono mrambatnyå. Wêrdinyå pêmimpin lan wõng tuwå, dèn samnyå asung tulådhå."   "Lamun pêmimpin angumbar napsu,...

TRÊSNÅ MRING SÊSAMI

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/5Mj3FESybnuaNWz3/?mibextid=oFDknk Trêsnå mring sêsami kang trusing manah, wit salir sêsami citrèng Allah; yeku wujudirå trêsnå mring nêgari, nglabuhi mring bångså, mrih lêstari. Trêsnå mring sêsami tan mawang tiyang; nulad sihing Gusti murbèng gêsang. Ngudi dhemokrasi klayan trusing ati, bedaning asanès dènaõsi. Trêsnå mring sêsami tumindak nyåtå, mrih trêsnaning Gusti tumrah wråtå. Hak asasi manungså binabar yêkti, adil miwah bêbênêr dènbelani. kadudut KPJ 370:1-3 JM, madya ratri, 121024             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

CATUR-CINATUR SÊSÊNGITAN kaprihatõsan

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/EpnCSGipJLYrKzNA/ Sangyå pårå kadang srasèhan båså Jawi, salam têntrêm rahayu mugi kajiwå lan kasarirå tumêdhak mring kitå, panjênêngan lan kulå samyå. Bõkbilih mênawi kitå mirsani ombyak-umyêking kawõntênan ing têngahing bêbrayan masarakat kitå ingkang sliwêran ing jagat måyå medsos punåpådene ugi ing giyaran layar kåcå, kathah pårå gêgõlõnganing têtiyang ingkang tumindak singlar saking tatanan pagêsangan masarakat. Bõtên sakêdhik malah kêpårå kathah samidene catur-cinatur awõn, sêsêngitan dhatêng ngasanès, nacad sartå ngadili sasåmå, pamangku kwåså inggih pamõng lan pandheganing nagari. Sõk sintênå ingkang rêmên nyatur awõning ngasanès utawi ngadili ngasanès ingkang punumbar ing medsos punikå sêjatõsipun nêrak lan ngadili paugêran (undhang-undhang) kang lumampah lan punanut. Salah satunggaling kang punanut ing tatanan nagari inggih punikå Undang-undang Informasi & Tehnologi Elektronik. Pårå kadang kinasih, sintên k...

GESANG SATUNGGALNG PILIHAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/v3SSub2vbJankvzq/ Ing pendhak dinten asring kawontenan gesanging manungsa punajengaken ing maneka pilihan. Salah satunggal conto inggih punika ngajengi/ngadhepi sawijining pilihan anggatosaken lan nyukani pitulungan dhateng tiyang kang gesangipun kasekengan tanpa daya, utawi pilihan sanesipun ngejaraken kalepatan (boten leres saking paugeran) kang kedadosan cetha ing ngajeng pandulunipun/paningalipun. Enget! bilih gesang punika satunggaling pilihan, leres lan boten leres aliyas lepat! Kadospundi menggahing tumrap kita, punapa kita wantun mbelani kasunyatan kang leres senadyan punapa kemawon pituwasipun? Pancen saged kemawon kathah kawusananipun/pituwas/akibat ingkang saged damel kapitunan nalika kita mbelani ngupadi kaleresan kang nyata-nyata (racakipun punika kedadosan prakawisan srasehan ing pangadilan). Kadhang kita dipunwaoni utawi malah dipunmengsahi dening tiyang kathah. Nanging pitadosa bilih Gusti Allah tansah ...

UMYANG UMYUNG (Gumuruh) 🇮🇩⚽️⚽️⚽️🇮🇩

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/kUYfRU3kp23sv2kT/?mibextid=oFDknk Lamun dak sawang, dak jingglengi swarane tipi nggiyarake warta-warta kang gawe semplahing ati. Ing ngendi-endi ya mung martakake iku-iku bae salin kanal lha ya sami mawon?.. Dak tinggal ngliyep, tangi-tangi kok ya ora ana bedane panggah ora ana bosen-bosene. Apa iki sing kaaran lelakone urip sing katrawang ing jagading maya? salin wektu ganti dina tetep panggah datan owah gingsir. heemmm... cukup kasigeg ... njur tipi dak pateni ... eee... lha kelingan yen dina iki mengko ana tandhing bal-balan...⚽️⚽️ Remot dak tutul maneh ... byar.. urip tipine. "Horeee.... garuda mudha menang!" mak gregah melek meneh.... 😳 Wah wahh... ing layar kaca katon para pamirsa umyang umyung padha lunjak-lunjak ngobarake 'yel-yel' kamenangan!👍⚽️⚽️⚽️⚽️🇮🇩🇮🇩 Semangat! Semangat! 👍🇮🇩 JM, lingsir sore, 29924             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [...

ILAT PERANGANE KENDHALI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/PFCxEx7dwfUbmBix/?mibextid=oFDknk   Sawijine jaran lamun padha kita etrapi kendhali ing cangkeme, satemah manut marang kita, kita bisa ngendhaleni badane jaran iku. Lan mangkono uga, prau-prau, kapal sanadyan gedhe banget sarta disurung dening angin kang banter, ewasamono kena kainger-ingerake sarana kemudhi kang cilik banget, manut ing sakarepe jurumudhine.   Dene geni iku sanadyan mung sapelik bisa ngobong alas kang gedhe. Mangkono uga ilat, sanadyan dadi perangane badan kang cilik, ewadene bisa gawe umobe prakara-prakara kang gedhe nganti mbulat-mbulat. Ilat iku kadidene geni, prasasat jagading kadurakan dununge ana ing antarane peranganing cilik badan kita iku, dadi sawijining perangan kang bisa ngregedi badan sakojur sarta bisa ngobong rodhaning urip kita. Mulane iku, obahing ilat kairing karo obahe lathi (lambe) prayoga tansah kinendhaleni, dingati-ati murih aja nganti ngobong swasana bebrayan kang wus ...