KENANGAN TEMPO DOELOE (panganusmarana jaman kawuri)

  kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/vm37rwoWtUbopvmb/?mibextid=oFDknk

  Bokbilih kita taksih kemutan jamu kondhang ingkang nami Nyonya Meneer saking Ungaran kab. Semarang madeg wiwit warsa 1919. 


  Nyonya Meneer, nami aslinipun Lauw Ping Nio, lair ing taun 1895 ing Sidoarjo, Jawi Wetan. Piyambakipun wanita wirausaha jejuluk lan kondhang minangka purahsara (pelopor,bs.Ind) prayasa, pangudi-karya (industri) jamu ing Indonesia. Meneer kapendhet saking tembung "menir" arupi pecahan uwos alus alit-alit saking nutu uwos. Salajengipun saking basa Walandi wekdal samanten menir ewah dados "Meneer" dumadining nami run-tumurun (legendaris, bs.Ind) dumugi samangke puniki.


  Sasampunipun ningkah kalihan Ong Bian Wan, Nyonya Meneer jengkar dhateng Semarang. Salebeting jaman panjajahan Walandi ing taun 1900-an, semahipun nandhang sakit awrat, sawerni-wernining upados jejampi boten ngasilaken. Salebeting putus asa, bunek pikir (katelasan pangajeng-ajeng), Nyonya Meneer wangsul malih dhateng padatan kulawarga kanthi ngracik jamu Jawa warisan tiyang sepuhipun. Wusana krana mukjijadipun Gusti, semahipun mantun, dhangan sesakitipun, lajeng ngekahaken tekad damel jamu minangka nyaranani sageda biyantu tetanggi ing sakiwa tengenipun.


  Mawi piranti pawon sawontenipun, piyambakipun wiwit yasa jamu kangge kulawarga, tetanggi lan masarakat. Klawan mempengipun upados, Nyonya Meneer wiwit mekaraken pakaryan ngracik jamu. Ing warsa 1919, awit saking panjurung kulawarga, piyambakipun madegaken "Jamu Cap Potret Nyonya Meneer" ingkang dados dumadining cakal-bakal salah satunggaling industri jamu kalangkung ageng ing Indonesia. Piyambakipun lajeng macak lan ngecapaken nami lan potretipun ing wungkus jamu damelanipun nedya kangge ngraketaken sesambetan kaliyan langgananipun.


  Perusahaan punika sangsaya ngrembaka, punrencangi dening anak-anakipun. Ing warsa 1940, putrinipun, Nonnie (Ong Djian Nio) bikak cabang ing Jakarta, Jl. Juanda, Pasar Baru. tuwin saged mekar langkung ageng.


  Nyonya Meneer, kapundhut taun 1978, nanging warisanipun gesang terus punlajengaken dening turun kaping-kalih lan kaping-tiga (gen 2 lan gen 3) kang punpandhegani dening wayahipun, Charles Saerang. Nadyan suwaunipun gangsal sasedherek ingkang nglampahaken perusahaan, lajeng punsarujuki misah (mecah), lan samangke Charles Saerang minangka panguwaos lan pandhega tunggal. Kanthi samukawis pangreka-daya ingkang sampun puncakaken, Nyonya Meneer boten namung nami, nanging ugi dados simbol kekiyatan wirausaha wanita ing Indonesia, kang saged minangkani dados panjurung semangat generasi panerus ing wekdal ngajeng.


  Emanipun perusahaan Jamu Cap Nyonya Meneer mungkasi pakaryanipun sasampunipun medal pepancasan Pengadilan Negeri Semarang 4 Agustus 2017 kang netepaken PT Nyonya Meneer pailit.

Makaten menggahing panganusmarana (kenangan, bs.Ind) cakal-bakal jamu "Cap Potret Nyonya Meneer"


JM, lingsir wetan, 241024

           ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^]  [^__^]


©️ Historical Stories

kapendhet saking sumber 👇

https://www.facebook.com/share/p/TcNvhzyYRXjHv6Kr/?mibextid=oFDknk



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN