CATUR-CINATUR SÊSÊNGITAN kaprihatõsan
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/EpnCSGipJLYrKzNA/
Sangyå pårå kadang srasèhan båså Jawi, salam têntrêm rahayu mugi kajiwå lan kasarirå tumêdhak mring kitå, panjênêngan lan kulå samyå.
Bõkbilih mênawi kitå mirsani ombyak-umyêking kawõntênan ing têngahing bêbrayan masarakat kitå ingkang sliwêran ing jagat måyå medsos punåpådene ugi ing giyaran layar kåcå, kathah pårå gêgõlõnganing têtiyang ingkang tumindak singlar saking tatanan pagêsangan masarakat.
Bõtên sakêdhik malah kêpårå kathah samidene catur-cinatur awõn, sêsêngitan dhatêng ngasanès, nacad sartå ngadili sasåmå, pamangku kwåså inggih pamõng lan pandheganing nagari. Sõk sintênå ingkang rêmên nyatur awõning ngasanès utawi ngadili ngasanès ingkang punumbar ing medsos punikå sêjatõsipun nêrak lan ngadili paugêran (undhang-undhang) kang lumampah lan punanut. Salah satunggaling kang punanut ing tatanan nagari inggih punikå Undang-undang Informasi & Tehnologi Elektronik.
Pårå kadang kinasih, sintên kemawõn ingkang nyatur awõn, sêsêngitan utawi ngadili kadangipun nunggil bångså, punikå atêgês nacad lan ngadili paugêran kang punanut, sartå mênawi kitå ngadili paugêran, kitå malah bõtên nuhõni utawi ngèstõkakên såhå nglampahi paugêran kang kaanut, nanging sagêd kawastanan jumênêngi dadõs hakim kang bõtên wênang aliyas bõten sah.
Anut ngêndikanipun pårå wasis :
"Têtiyang kang Adigang mung nyêbar panandhang.
Watêknyå sami têgêl, nindhês mring sanès tyang."
"Têtiyang kang Adigung mung nandur sangsårå.
Rêmên umuk, gumunggung, nginå mring pêpådhå."
"Têtiyang kang Adigunå mung ndhêdhêr cilåkå,
nganggêp Allah tan ånå, Sabdånyå mung nglåhå."
Sumånggå kitå samidene sagêdå ngêrèm, pasang kêndhali bõtên ngumbar sêsêngitan kang sagêd damêl kisruhing gêsang bêbrayan masarakat sabångså sanêgari. Têmahan sagêdå adamêl adhêm ayêm, sidhêm têntrêm såhå pinanggih rukun santoså masarakat samyå anggayuh kêrta raharjå.
Mugyå Gusti Kang Må' Wikan lan Må' Asih tansah anjangkung lan paring nugråhå mring bångså Indonesia.... Amin Amin 🙏🙏
sõrõgan :
Adigang : ngêndêlake kadigdayane, kêkuwatan
Adigung : ngêndêlake kaluhurane, pangkat lan kasugihan
Adigunå : ngêndêlake kapintêrane
JM, lingsir dalu, 101024
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Linandhêsan Yakobus 4:11-12
He pårå sêdulur, åjå pådhå ngrasani lan nênacad liyan! Sing såpå ngrasani utåwå nêtêpake lupute sêdulure, atêgês nacad lan ngluputake marang dhawuhe Gusti Allah. Yèn ngluputake dhawuh-dhawuh mau atêgês kowe ora sumuyud, nanging dadi hakime.
Mångkå sing maringake dhawuh lan ngadili manungså kuwi mung Gusti Allah. Mung Panjenengane sing nylamêtake utåwå numpês. Rumangsamu kowe kuwi såpå; kok arêp ngadili manungså sapêpadhamu?
Komentar
Posting Komentar