KEJAHATAN KERAH PUTIH
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/aXaRWoARYG8kJK4b/?mibextid=oFDknk
Tembung 'Kejahatan Kerah Putih', mujudaken pangecapan nami kangge nelakaken/gambaraken jinis tumindak durlaksana (kadurlaksanan) babagan 'ekonomi lan keuangan' kang punlampahi dening tetiyang punggawa ing salebeting kantoran, bebadan usaha kang nggadhahi pangkat inggil lan wenang nemtokaken kaputusan.
Sebatan 'kerah putih' punecap awit kang anglampahi tumindak kadurlaksanan wau asring panganggenipun rasukan resmi klambi pethak mawi gulonan (kerah) lan dhasi.
Kejahatan Kerah Putih asringipun kadadosan kangge pikantuk manpangat arta tuwin pangkat kalenggahan sacara boten sah kanthi ngakali tatanan 'ekonomi lan keuangan'.
Contonipun tumindak durlaksana antawisipun pamblithukan, korupsi, nylinthutaken asal usuling arta (pencucian uang), dol-tinuku saham, malsokaken pasar, malsokaken dokumen aji lan tindakan keuangan sanesipun ing tatanan dedagangan (bisnis).
Bedanipun kang utami antawisipun kadurlaksanan kerah putih lan kadurlaksanan kang kalimrah, tokoh kang nglampahi durlaksana kerah putih limrahipun tetiyang utawi kelompok kang nggadahi sesambetan lan wenang dhateng sumber-sumber arta lan cathetan winadi kang anggampilaken tumindak durlaksana klawan sesingidan boten sah.
Wondene jinising Kejahatan Kerah Putih saged kaperang antawisipun :
1. Tumindak goroh, klebet apus-apus keuangan, pamblitukan asuransi, pamalsuan kartu kredit, rekadaya investasi, klawan ngothak-athik katrangan palsu kangge mblondrokaken tiyang lan perusahaan nedya mendhet bathinipun piyambak.
2. Pencucian Uang, panyebatan nami tumraping lelampahan boten sah supados ketingalipun leres klawan neselaken asal usulipun arta lumantar sawernining 'transaksi lan rekening' bank.
3. Insider Trading, panyebatan nami nelakaken nyingidaken katrangan winadi kang mbulet punmangertosi dening tiyang kathah babagan dagang saham nedya pikantuk bathen ing pasar keuangan.
4. Korupsi, penyebatan nami nelakaken nerak tatanan kakuwaosan ngupados bebathening pribadi utawi nyukani hak istimewa (mligekaken) dhateng tiyang sanes kanthi boten sah arupi nampi besel nylinthutaken arta lan bukti keuangan.
5. Manipulasi Pasar, nelakaken klawan ngowahi regi pasar lan gunggung dedagangan kanthi boten sah kangge ngeruk bathinipun piyambak.
6. Penggelapan Dana, panyebatan kang nelakaken ngenggokaken utawi ngeruk dhana bebadan usaha kangge kapentingan pribadi utawi sekuthonipun.
7. Pemalsuan Dokumen, panyebatan nami nelakaken anggenipun adamel, ngowahi utawi migunakaken bukti semu (dokumen palsu) nedya numpuk bathi piyambak.
8. Kejahatan Perbankan, penyebatan nami kangge nelakaken bilih nindakaken lampahing arta ing bank kang semu boten resmi klebet gegorohan bank utawi nylinthutaken simpenanipun nasabah bank.
9. Kejahatan Tehnologi & Komputer, panyebatan nami kang nelakaken kadosta mbobol komputer, nyerang katrangan elektronik klawan nyingid katrangan kang aji lan wadi kangge kapentingan keuangan pribadi.
JM, parak enjing, 171024
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
kadudud saking sumber : đ https://umsu.ac.id/berita/apa-itu-kejahatan-kerah-putih-penyebab-dan-jenisnya/
© 2024 JNews - Premium WordPress news & magazine theme by Jegtheme.
Komentar
Posting Komentar