GESANG SATUNGGALNG PILIHAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/v3SSub2vbJankvzq/

Ing pendhak dinten asring kawontenan gesanging manungsa punajengaken ing maneka pilihan. Salah satunggal conto inggih punika ngajengi/ngadhepi sawijining pilihan anggatosaken lan nyukani pitulungan dhateng tiyang kang gesangipun kasekengan tanpa daya, utawi pilihan sanesipun ngejaraken kalepatan (boten leres saking paugeran) kang kedadosan cetha ing ngajeng pandulunipun/paningalipun. Enget! bilih gesang punika satunggaling pilihan, leres lan boten leres aliyas lepat!


Kadospundi menggahing tumrap kita, punapa kita wantun mbelani kasunyatan kang leres senadyan punapa kemawon pituwasipun? Pancen saged kemawon kathah kawusananipun/pituwas/akibat ingkang saged damel kapitunan nalika kita mbelani ngupadi kaleresan kang nyata-nyata (racakipun punika kedadosan prakawisan srasehan ing pangadilan). Kadhang kita dipunwaoni utawi malah dipunmengsahi dening tiyang kathah. Nanging pitadosa bilih Gusti Allah tansah ngreksa para pehak pambela sejatos ing kaleresan, kasunyatan. Tetep kukuh bilih wekdal samangke kita sumedya lan sumadhiya (niyat lan cecawis) nanggel pituwas anggenipun mbela kaleresan saturut kalihan dhawuh kersanipun Gusti. Yakin, mantep saha pitados bilih Gusti badhe paring margi gampil dhateng tekad kita kang tulus wau.


Bilih kita nyumurupi wonten para pambela kaleresan kang nyata ing sakiwa tengen kita, prayogi kita sengkuyung lan ndongakaken sarta nayogyani/anjurungi mugya kaleresan sangsaya kiyat lan kukuh ing tengahing bebrayan masarakat lan nagara temah winujud kaadilan kang sejatos tumujweng masarakat tentrem kerta raharja.


Sumangga!

Rahayu kang sarwa tinemu

bagas saras kang linaras.

Para sanggya kadang kang kinasih 

mugya berkahing Gusti tansah rumuntuh mring kita umat kang kinasih.... Amin Aminn 🙏🙏


JM, parak enjing, 071024

           ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN