LUWIH BECIK PEMIMPIN KANG BENER TiNIMBANG KANG PINTER NING ORA PENER

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1gfoQmSNoZHHnzvk/?mibextid=oFDknk

Kaadilan Allah iku mujudake panglipure tumrap wong-wong bener. Dene pengadilane manungsa ing donya iki, kita bisa nyumurupi yen rasa ora adil isih kerep kadadean. Ana bae tumindak ala, nyia-nyia (pelecehan), ora timbang karo bab-bab panguripan bebrayan, pameresan lan pamblithukan utawa pangapus-apusan sarta kadurakan liyane. Wong-wong saleh malah dadi kurban pepoyokan lan paukuman. Ana bae penegak hukum (hakim, sing jare 'wakil Tuhan') sing tumindak aeng-aeng gawe pepancasan sawenang-wenang mung marga sipat srakah nampa besel 'gratifikasi'. Byuh-byuh sing gawe gemes bisa-bisane padha-padha panegak hukum (hakim & pengacara) dadi 'mafia hukum' sekongkel, sekuthon sarujukan padhadene gok-sinogok aweh-tampa beselan nganti ketangkep tangan dening Jaksa Agung. Eee lha piye jal..., nalika disorot kuli tinta kok malah cengengesan sajak ngece, wis samesthine yen para mafia hukum iku diukum saabot-abote. Aja mbelani yen gajine kurang dhemonstrasi nuntut undhakan gaji, hemmmm... dhasar srakah ora genah! 🤪🫡


Coba ta digagas, akeh wong-wong cilik ngliwati urip pedinane ing wanci bengi tansah ndedonga sujud klawan diiringi dleweran eluh jalaran abot sangganing ngaurip. Ya kabeh mau ngalami kasedhihan lan meh bae kejlungup ing rasa putus asa, bunek pikir (kentekan pengarepan) lan rasa kameren. Iya krana mangkono, jalaran saka kahanan masarakat kang isih akeh nandhang kamlaratan lan kasekengan ekonomine, ngono kok ya isih ana sing tega-tegane tumindak kadurakan. Mulane, dibutuhake pemimpin kang bisa ngatasi nanging, kang luwih penting bisa ngentasake saka kamlaratan mau.


Ing wektu samengko iki, apa pemimpin kita bener-bener anggatekake nyawane rakyat klawan luwih jembar rasa kamanungsane? 

Prayoga luwih becik negara kita dipimpin dening pribadi kang bener tinimbang kang pinter ning ora pener.


Mangga kita dongakake, para pemimpin kang bener supaya ora mikirake kapentingane dhiri pribadi utawa kelompoke, kudu duweni jiwa rasa adil wicaksana ora pilih-asih.


Sumangga!

Rahayu kang sarwa tinemu

bagas saras kang linaras.

Para sanggya kadang kang kinasih

mugya berkahing Gusti tansah rumuntuh mring kita wangsa kang pinilih.... Amin Aminn 🙏🙏


JM, gagat bangun, 261024

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


  dalam bahasa Indonesianya kira-kira demikian : 👇

Keadilan Allah itu merupakan penghiburan bagi orang2 benar. Sedangkan pengadilan manusia di dunia ini, kita bisa menyaksikan rasa tidak adil masih sering terjadi. Ada aja perbuatan cela, pelecehan, tdk sesuai dengan norma kehidupan, pemerasan dan penipuan2 serta kejahatan2 lainnya. Orang saleh justru banyak yg dikurbankan. 

Ada aja penegak hukum (hakim yg konon wakil Tuhan) berulah yg aneh2 aja bikin keputusan sewenang-wenang hanya karena kesrakahannya menerima sogokan gratifikasi. Wuih, bikin gemas aja, bisa2nya selaku penegak hukum (hakim & pengacara) menjadi Mafia Hukum bersekongkol kerjasama suap nenyuap hingga ketangkap tangan oleh tim Jaksa Agung. Eee.., malah wkt disorot wartawan ketawa2 seolah tidak berdosa. Sudah sepantasnya mereka dihukum se-berat2nya jangan beralasan gaji kurang, kemudian demo2 menuntut kenaikan gaji, heeemmm dasar srakah.


Coba aja dipikir, banyak wong cilik dlm kesehariannya hidup susah melewati hari2nya dinalam hari berdoa sambil meneteskan airmata karena beban hidupnya yg berat. Ya semua kesedihan tsb hampir aja menjerumuskan rasa putus asa dan iri hati. Ya karena itu, karena masih banyak masyarakat yang mengalami kemlaratan, kok ya masih ada tega2nya orang bertindak tercela. Oleh karena itu, dibutuhkan pemimpin yg bisa mengatasi, tapi yg lebih penting lagi bisa mengentaskan dari kemiskinan itu.


Dalam masa sekarang ini, apa pemimpin kita benar2 memperhatikan nyawa rakyat dengan penuh rasa kemanusiaannya?

Lebih baik negara kita dipimpin oleh pribadi yg benar/baik/terpuji daripada yg pintar tapi tidak tepat, tidak sesuai dg yg diperlukan.


Marilah kita doakan, para pemimpin itu benar agar tidak memikirkan kepentingan sendiri atau kelompoknya tapi hendaknya punya jiwa rasa adil bijaksana tidak pilih kasih.


Semoga!

Sejahtera yang akan terjadi

sehat yang akan menyertainya.

Seluruh saudara terkasih semoga berkat Tuhan selalu tercurah bagi kita bangsa terpilih... Amin Amin 🙏🙏

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN