PASAMUAN GUYUB RUKUN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/2xpWuk1myU8c5kxT/?mibextid=oFDknk
Pasamuan guyub rukun, kukuh lan têtêpå lumaku
sampurnaknå pasêduluran ånå ing Gustimu.
Bêbarêngan pådhå sigrak, kukuh ing iman
rukun têntrêm klawan sih katrêsnan.
Paguyuban pasêduluran, kukuh lan klawan tinalêsan
yèku Gustimu twin manunggal ing iman.
Sujud manungku ing ayunan Gustimu
kang kaèsthi jroning driyå bakal tinêmu.
Twin kang sinêdyå badhe sinung nugråhå
kang ndikå pêlêng lan srêgêp makaryå.
Yogyå tumungkul atimu mring Sang Hyang Wiseså
samyå sukå-sokur anut ing sabdå Nyå.
Rahayu... Gusti ambêrkahi.. Amin Aminn 🙏🙏
JM, lingsir wêngi, 281024
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar