KACANG MÅNGSÅ NINGGALÅ LANJARAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/gaaaVK8sPbxGMom3/?mibextid=oFDknk
Lakuning jaman panguripan ing satengahing bebrayan masarakat sabangsa sanegari tuwin sajagad, ora bisa dènselaki kadyadene obahing cakra panggilingan. Saka ing mangsa trang dugeng mangsa sirep, mangsa panas tumeka ing mangsa adhem, jaman Mataram nganti jaman 'milenial' kahanane sarwa owah gingsir anut lakuning kamajuan jaman.
Pemimpin kulawarga (bapa-biyung, wong tuwa), pamong tlatah pamarentahan (lurah, bupati, walikota, gubernur lan presiden) punapadene pimpinan politik, kabeh duweni tugas ayahane dhewe-dhewe. Wus samesthine dadi panutan dening andhahane kang tansah sinawang lan sinorot solah bawane anggone nggawa lakuning palwa kauripan.
Anut ngandikane pårå wasis :
"Kacang mångså ninggalå lanjaran, yèn kang aran salokå.
Lanjaran mono dadyå rambatan, si kacang mrono mrambatnyå.
Wêrdinyå pêmimpin lan wõng tuwå, dèn samnyå asung tulådhå."
"Lamun pêmimpin angumbar napsu,
wõng tuwå tindaknyå kliru.
Samnyå ngujå karsane pribadi,
rakyat ngråså dèntuladhani.
Sadonyå pådhå nåmpå warisan
jagad bur tanpå kukuban."
"Dèneling klawan waspådå,
kang ngråså dadi wõng tuwå twin pandhega.
Watak satriyå samyå dènèsthi,
wêdi wirang wani mati.
Urip têntrêm dadiå idhaman
ing donyå dugèng dêlahan."
Adhedhasar tetembungan kasebut, minangka pemimpin (kulawarga, parpol & pamarentahan) wus prayoga netepi ayahan kang dadi tugas kewajibane bisa nggawa palwaning kaluwarga, masarakat sabangsa tumujweng Indonesia maju ing jaman 'Indonesia Emas'. MARDIKA! MARDIKA! ✊️✊️🇮🇩🇮🇩
Kanthi panyuwun mugya ing titiwancine 'alih kapemimpinan nasional' bisoa lumaku kanthi gangsar datan ana krikil-krikil kang bisa mlesetake.
Puji sokur Gusti, kepareng Paduka ngijabahi panyuwun lan pandonga kawula sabangsa temahan sageda mapagaken jaman 'kaemasan' ... kanthi rahayu nirbaya nir sambekala.... Amin! Amin!🙏🙏
JM, mapag pletheke bagaskara, 151024
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar