RUKUN AGAWE SANTOSÅ

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/rQPMMxcgDzhdTrYB/?mibextid=oFDknk

Rukun agawe santoså,

sayuk rukun bêbarêngan mbangun pråjå.

Rukun agawe santoså,

gõtõng rõyõng ing bêbrayan sabên dinå.


Rukun agawe santoså,

kakung putri, wrêdhå mudhå datan bedå.

Rukun agawe santoså,

kasunyatan anèng donyå warnå-warnå.


Ajå adigang, adigung, adigunå!

Dumèh darbe pangkat, drajad, lan kapintêran.

Kabèh iku bêcik pådhå dipigunaknå,

kanggo muji kaluhurane Gusti ing bêbrayan.


Rukun agawe santoså, 

Bhineka Tunggal Ika iku wujudnå!

Payo pådhå asêsantyå:

Rukun agawe santoså.


Rukun agawe santoså, 

crah agawe bubrah wõhirå;

ngèstõknå sabdèng Gusti, trêsnå sêsami.

Nadyan panêmu bedå, nging tan samyå sulåyå;

olah kawicaksanan, tan nang-mênangan ing ngalågå.


kapêthik : kpj 368 & 357: 3


JM, lingsir wêngi, 191024

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN