KASETYAN MRING PAMARENTAH KANG PINRACAYA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/15cS6iPBG5/?mibextid=oFDknk

Minangka warga masarakat, kita diwulang tansaha nresnani mring sapepadha kanthi tulusing ati. Pitakone, apa setya lan tresna tetep bisa diecakake marang pamarentah sing tumindak ora adil kang maune pinracaya?


Pitakonan baku kepara dhasar iku banget ngosikake rasa kaadilaning masarakat wong cilik sing ora bisa denselaki. Masarakat rame-rame jumangkah bebarengan menyang senthong pamilihan nggawa saabreg pengarepan supaya oleh pemimpin kang amanah. Ananging, sairing lumakuning wektu kaprungu yen ana bae saperangan pemimpin kang nerak paugeran negari kecandhak ngunthetake branane negari alias tumindak "korupsi'. Kadadean iku ora amung ing pamarentahan ndhuwuran ning uga dumadi ana ing pamarentahan dhaerah.


Miturut piwulangan kang kita tampa ing bangku pawiyatan, pamarentahan ing tataran pusat tekan dhaerah diwujudake kanggo angatur tatanan panguripan saben warga nagara murih masarakat adil makmur tentrem raharja. Ya, iku dhedhasare kang baku kewajibane pamarentahan kang disampirake ing pundhake para pamengku amanah kang sinebut pemimpin, pamong utawa pangwasa kanggo mandhegani tatanan urip bebrayan masarakat sabangsa. Pancen kanggo mujudake tujuan kasebut dibutuhake wragad sing disusun lan diatur sarta ditetepake dening bebadan wakil rakyat (DPR) ing RAPBN. Aksara 'P' ing RAPBN iku makili tembung 'Pendapatan'. Iya apa ta 'Pendapatan' utawa pengasilan iku sing dikarepake ing Undhang-undhang RAPBN? 


Kita wus ngawuningani kabeh, dene kanggo ngayahi lakuning rodha pamarentahan dibutuhake wragad utawa bea ora sethithik, jer basuki mawa bea. Cethane, dibutuhake sumber-sumber pangasilan negara, apa iku saka sumber alam, sumber produksi dalam negeri, pajek lan sumber-sumber liyane mujudake sumber kaskayane negara. Ing kene pamarentah duwe kewajiban ngecakake kanthi pener, wicaksana lan adil mrih lumaksanane pembangunan kemajuan lan kemakmuran bangsa.


Mulane, minangka warga negara wajib uga nyengkuyung rancangan pembangunan kang disusun lan katetepake, gotong royong sayuk-sayuk rukun bebarengan kanggo mulyane bangsa. Bab wragad temtu salah siji sumber sing paling ribet lan ribut yaiku pajek. Ya, pajek mujudake sumber pengasilan sing kudu ngati-ati pangecakane, awit ing kene akeh godhane tumrap sing imane setengah-setengah.  Nylewengake lan ngunthetake pajek, 'pencucian' dhuwit (hehehee dhuwit kathik dikumbah? iku paribasane) lsp lsp sering mletik lan mijile para 'koruptor' (tukang unthet/nyolong).


Yen wus kaya mangkono apa iya sing maune pinracaya ing pundhake para pamengku pamarentahan lewat pemilu lan pilkada tetep ditresnani dening masarakat? Sing luput aturane apa aklake? Sing cetha, para koruptor kudu urusane karo ukum miturut paugeran kang lumaku, ora prayoga yen nganti tutup mripat para pamengku ukum ngenengake kongkalikong kadurakan kang gawe kasangsarane masarakat. Ukuman kang paling abot kudu kaetrapake kanggo koruptor ora kena pilih kasih.


Tindak laku kang manut ukum mbuktekake dene kita saguh dadi uyah lan pepadhang ing ngarepe pamarentah. Kanthi ngatonake patrap setya, urmat lan angajeni kita saguh dadi seksi kabeneran ing ngarepe pamarentahan manungsa lan ing ayunane Gusti Allah.


Ana pitakonan penting lan dhasar :

Apa isih duwe kasetyan mring pamarentah kang pinracaya?

Apa kita wus netepi bayar pajek sacara jujur? Apa dadi wegah lan wigih bayar pajek amarga nyawang kalakuane pangawak dursila kang dadi jejering pemimpin sing ora tanggung jawab?

Minangka warga negara tanggung jawab mring negara iku mujudake tanggung jawab lan puji sokur mring Gusti Allah kang wus sinung nugraha lan sumiline berkah mring kita.


JM, gagat esuk, 281124

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN