KAJUJURAN WUS ORA DUWE PAPAN ING PANGADILAN
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/share/p/14TJTqn2js/?mibextid=oFDknk
Lamun kita migatekake ing proses pangadilan kajujuran dadi sawijine bab kang dibutuhake. Asring banget ing sawetara prakaran ing pengadilan para pehak apa iku kang kadakwa apa iku seksi, mitontonake solah kang ora jujur. Racake padhadene ora blaka apa anane. Dene anane mung mbela kapentingane dhewe kanthi nutup-nutupi. Apa meneh conto kadadean wekasan iki tindak ora jujur kedadean tumrap ing pehak-pehak sing duwe kapentingan yaiku si kadakwa, seksi, pengacara lan hakim. Kenapa bisa kedadean sing mrihatinake kaya mangkono? Ora ana liya mung merga mripate padha kapilut dening lembaran-lembaran sing bisa gawe mabuk nikmat kadonyan. Lali yen iku nglanggar pranatan ukum, kabeh diterak tanpa nggubris akibate.... huh dhasare sipat malak, srakah bin nggragas. Kajujuran wus ora duwe papan ing pangadilan!
Emut! iki ana wulang bebasan para winasis riningkes mangkene :
Wong kang jujur uripe ayem, nanging wong kang cidra bakal ketitik konangan.
Wong kang ora blaka kuwi gawe susah, nanging wong kang ngandhakake apa sabenere kuwi nekakake katentreman.
Tembunge wong jujur kuwi presasat sumbering urip, nanging tembunge wong cidra isi panganiaya lan kasangsaran.
Kejujuran nggancarake urip, nanging wong duraka bakal tiba merga saka durakane dhewe.
Wong jujur sengit karo tembung goroh, nanging wong cidra nekakake kanisthan lan kawirangan marang awake dhewe.
Nadyan hamung ringkes ukara lan tetembungan wulang bebasan ing dhuwur, mugya bisa nyaranani minangka pepemut, pepeling sapa bae kang duwe krenteg, niat, sedya tumindak ora jujur bisoa murungake lan mundur.
Sumangga! 👏🫰
Rahayu kang sarwa tinemu
bagas saras kang linaras.
Para sanggya kadang kang kinasih
mugya berkahing Gusti tansah rumuntuh mring kita umat kang kinasih.... Amin Aminn 🙏🙏
JM, madya raina, 061124
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar