PAMBESMIAN JUDI ONLINE (Judol) lan PINJAMAN ONLINE (Pinjol)
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1DVXAvXCxq/?mibextid=oFDknk
Ing jaman modern samangke puniki, kita nyumurupi dene kamajengan teknologi rikat sanget damel ewah-ewahan kang becik (positip), nanging boten saged punselaki mijilipun tantangan enggal kang saya ruwet sinebut 'penyakit masarakat'.
Kekalih kadadosan ingkang andadosaken bab-bab sosial ing saindenging jagad klebet Indonesia inggih punika judi online (judol) lan pinjaman online (pinjol). Praktik judol lan pinjol boten namung mletikipun bab keuangan nanging ugi adamel maneka warni bab-bab sosial.
Miturut pawarta sawetawis media, contonipun ing Pengadilan Agama Kabupaten Malang wonten 703 estri ngajokaken gugatan pegatan salebeting Januari - Mei 2024. Alesan kang punajokaken para estri inggih punika bab ekonomi, semahipun wegah utawi boten purun nyambut damel jalaran kacanduan judol. Ugi wonten pawarta sanes, ing 19 Juni 2024 wonten priya kajiret pinjol nekad mejahi pegawe satunggaling koperasi simpan pinjam ing kabupaten Sambas, Kalimantan Barat.
Salajengipun wonten pawarta sanes kang pungiyaraken CNBC Indonesia, wonten kedadosan-kedadosan akibat pinjol contonipun prekawis si 'K' ngutang ngantos Rp 9,4 yuta saking bandar pinjol kepeksa kedah ngewangsulaken tikel kalihipun kinten-kinten Rp 18 -19 yuta. Jalaran rekaos anggenipun nyaur, si K ngadhepi teror saking penagih utang. Wungsal-wangsul dipuntelpon ing kantoripun ndadosaken si K dipunpecat. Sasampunipun dipunpecat, anak estrinipun mantuk dhateng griya tiyang sepuhipun. Wusana, si K ngajal, nglalu.
Boten saged punselaki wontenipun perusahaan judol lan pinjol sangsaya gampil punpanggihi lan punsambeti ndadosaken saya kathah tetiyang ingkang kajiret, klebet para taruna, siswa lan mahasiswa.
Praktik-praktik judol lan pinjol kang mrihatosaken sangsaya ngambra-ambra nancep ing bumi nuswantara. Mila pamarentah saking dhaerah dumugi pamarentah pusat kedah enggal-enggal gerak cepet (gercep) saged brantas kekalih praktik penyakit masarakat wau.
Temtunipun boten saged tumandang piyambak-piyambak, sadaya anggota masarakat, bebadan pawiyatan, kantor-kantor pamarentah ugi swasta kedah saeka-kapti saeka-praya, golong pikir gotong royong ambesmi praktik-praktik judol lan pinjol.
JM, lingsir dalu, 031124
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar