KAADILAN lan DRAMA PANGADILAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/15na3P8aN1/?mibextid=oFDknk

 "Nindakake kaadilan iku dadi kesenengane wong bener, nanging diwedeni wong kang tumindak ala." Wul 21:15


Ukara bebasan punika mratelakaken bilih ing babagan ukum lan kaadilan boten saged punselaki bilih kasunyatanipun dados ganjelan panegakan ukum. Hakim lan para punggawa ukum kang nembe prakawisan ing pangadilan tansah dipun-glibedi, punayang-ayangi dening pehak kang nggadahi panguwaos/kalenggahan inggil kang nglampahi kalepatan ing prakawis ingkang nembe lumampah. Pramila asring kita kasegahan drama pangadilan ingkang ngegla cetha wela-wela pepancasan ingkang boten adil.


Pancen tumindak kanthi bukti-bukti ingkang estu nyata-nyata jujur, punika andadosaken prakawis ingkang punremeni lan damel bingahing tetiyang ing margi kang leres. Nanging dipun ajrihi lan damel getering gegolonganing tiyang ingkang kajiret lepat ing prakawis ukum. Pramila gegolongan tiyang punika kalawan rekadaya mrih sageda uwal saking prakawis (bab korupsi, pamerkosan, merjaya lsp) mawi sogok-sogokan lan makelaran kasus. Sangsaya malih menawi prakawis ingkang njiret para pangagenging praja punapadene panguwaos usaha, ing ngriki lembaran-lembaran arta tumut dados bukti nyata, ugag-ugeg nora wareg-wareg..🤑🤣


Makaten bokbilih kasunyatan ingkang kadadosan ing pangadilan manungsa wiwit jaman Romawi dugeng jaman teknologi AI, jaman jaran nggeget wesi dugeng jaran doyan dhuwit... heemm tobil-tobil konthal-kanthil pijer jowal-jawil.. 😜🤪


JM, gagat bangun, 211124

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN