MAKNA KALANTIPAN PIKIR

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1EgtExnd1c/?mibextid=oFDknk

Carios pak guru nembe mucal ing kelas.

Ing papan tulis, pak guru nembe nggambar wit krambil/klapa ing pinggir gisik segara, lajeng wonten klapanipun dhawah/ceblok saking gagangipun.


Ing wucalanipun, pak guru carios wonten 4 lare nggatosaken kadadosan ceblokipun klapa wau.


Nuwun sewu, ing ngriki salajengipun kaserat mawi basa ngoko,

Anak kapisan, klawan cukat dheweke njupuk salembar kertas linempit lingir 3, nemtokake pojokane (sudut..bs Ind) ngetung sepira abote krambil/klapa mawa etungan matematika, bocah iki nerangake dhuwure wit klapa lan sepira kekuwatan klapa sing tiba, komplit nganggo petungan matematika lan ngelmu phisika.


Nuli pak guru ndangu mring para muride, "Apa anak iki bocah sing lantip pikire?" bebarengan para murid mangsuli, "Inggih..., piyambake klêbêt lare kang lantip."


Banjur pak guru mbacutake crita,

Anak kapindho, klawan rikat bocah iki nedya njupuk klapa sing ceblok nuli digawa menyang pasar njur nawakake marang bakul. Dumadakan si bocah iki bengok kanthi rena, "Horee!...payu Rp 5.000."

Pak guru njur ndangu murid-murid, "Apa bocah iki uga lantip pikire?"

Wangsulane murid-murid, "Inggih..., klêbêt ugi lare lantip!"


Nuli pak guru nerusake critane,

Anak kaping telu, klawan trengginas mlayu njupuk klapa sing ceblok mau lan muter-muter nakokake, 'uwit klapa iku duweke sapa ya? Klapa iki mau ceblok ing gisik arep dak balekake menyang sing duwe wite.'

Pak guru njur ndangu murid-murid, "Apa bocah iki uga lantip pikire?"

Wangsulane murid-murid, "Inggih... klêbêt lare lantip pak guru!"


Nuli pak guru mbacutake critane,

Anak kaping papat, klawan trengginas njupuk klapane banjur menehake mring embah-embah sing lagi ngeyup kepanasen, "Mbah. niki èntên klapa dhawah, saged diunjuk mbah kangge tamba salit, mangga!"

Pak guru njur ndangu murid-murid, "Apa bocah iki klebu uga lantip pikire?"

Wangsulane murid-murid, "Inggih..., klêbêt lare lantip ugi!"


Para murid ing kelas padhadene mantep lan yakin ing crita kasebut kabeh padhadene anak-anak lantip pikire.

Para murid, jujur lan ngakoni dene kapapat-papate anak sing kacritakake mau duweni 'Kalantipan dhewe-dhewe' kang ora bisa ditandhing-tandhingake. (hehehe.. kaya lagon 🎶 anak-anak dhangdhut koplo "Ojo dibandhingke" sing tau kondhang rong taun kapungkur nalika ditembangke Farel Prayoga jroning kepyakan 17-an 2022 ing Istana Negara)


Para kadang sutresna, emanipun ing kalangan pendhidhik lan tiyang sepuh, ambiji kalantipan lare namung mligi puntingali saking satunggal ukuran pambiji.

Kalantipan 'Anak kapisan' ukuran pambijenipun 'Kalantipan akademik'

Langkung malih emanipun dening negari kalantipan anak ingkang punakeni lan punukur namung saking biji nalika nggarap UNAS (kados anak kapisan).


Wondene...,

'Kalantipan Finansial' (anak kaping 2)

'Kalantipan Karakter' (anak kaping 3)

'Kalantipan Sosial' (anak kaping 4), sadaya kalantipanipun (nomer 2, 3 lan 4) punika dereng pikantuk pangakening nagari.


Putra panjenengan kalebet kalantipan nomer pinten??

Mbok-bilih kita kemutan, jaman rumiyin nalika ing SLTA asring kita mireng poyok-poyokan, ngladaki (perundungan. bs Ind) antawisipun murid-murid IPA kaliyan IPS, sinten ingkang sejatosipun lantip? Kadospundi kinten-kinten pangraosing nala murid-murid IPS? Mirisipun malih kadhang punanggep dados siswa kasisihaken (terpinggirkan). Dhuh!... nyedhihaken!🫡


Sadaya lare-lare sejatosipun lare-lare ingkang lantip lan gathekan (nggadahi 'talenta') ing babaganipun piyambak-piyambak kanthi 'Kalantipan unik' kang boten saged puntandhing-tandhingaken, sadaya samidene angompliti saeka-praya kangge sanguning gesang ing tengahing masarakat.


Mugi kemawon sasampunipun maos seratan ing nginggil, boten wonten malih kapireng tetembungan : "Anak dhokter kathik (kok) ora pinter", "Anak dhosen kathik ora pinter", "Anak Presidhen kathik ora pinter" lan sanes-sanesipun. 🫰✍️


JM, lingsir dalu, 241124

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^] [^__^]


Cathetan : (diambil dari WA grup dlm bhs Indonesia)

Entah siapa yg nulis pertama kali, saya mohon ijin menulis kembali dalam bahasa Jawa. Terima kasih 👏


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN