KEKAREMAN NUNGGANG PIT ING YUSWA SEPUH
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/share/p/192gtFqr4x/?mibextid=oFDknk
Tembung 'touring' ditegesi ngonthel pit (sepedha) klawan iring-iringan 🚴🚴️🚴 nempuh jarak puluhan kilometer utawa ngener njaban kutha. Kanggone sing durung tau touring nunggang pit mesthi gumun lan bingung nyawang ana wong-wong sing padha touring mau. Saperangan nganggep yen tindakan mau mbebayani kebak resiko. Kamangka yen dilakoni kanthi petungan mateng, touring nyepedha malah duweni paedah kang becik tumrap si pesepedha. Ananging pancen ora diprayogakake kanggo sing duwe rasa kuwatiran, hamung diprayogakake sing duwe rasa kendel klebu bandhel lan mesthine duweni kekareman (hobi) yaiku nyenengi olahraga ngipit sing duwe sipat adrenalin luwih, sarta bisa ngresepi nikmate touring.
Sejatine akeh paedahe ngepit touring tumrap pesepedha ngancik yuswa sing wus ora enom maneh, yaiku :
🚴 Nunggang pit iku luwih nglelantih daya pikir (uteg) lan kaprigelan motorik tinimbang nyetir montor.
Jroning nyetri montor, kita luwih tansah ana ing posisi ajeg padha. Dene ngepit luwih nglelantih obahing raga lan daya pikir marga kahanane awak/badan tansah owah, obah kanggo njaga imbange rodha loro klawan tenaga pisik. Bisa sinebut yen nyepedha nglelantih kawaspadan (konsentrasi) luwih apik.
🚴 Touring sepedha ngilangake stres lan nguwatake kesehatan jiwa.
Panalitian uga nyebutake dene nyepedha (utamane jarak adoh) bisa gawe rasa bagya lan ngudhunake rasa stres. Iki bisa marga adrenaline dhuwur lan tundhone ngasilke endhorphin (kelenjar uteg sing bisa gawe rasa seneng bagya) jroning badan. Uga kena soroting sregenge bisa nambah ngresepe vitamin D.
🚴 Jroning nyepedha touring, paling ora 500 kalori kaobong saben jam-e.
Kejaba iku badan dipeksa nglelantih rosane otot, marga badan kudu ora mandheg kanggo jaga imbange sepedha.
🚴 Nyepedha touring, bisa ngenali panggonan anyar sing elok nengsemake ati, ora mbosenake.
Urip kanthi nemoni bab-bab anyar bisa ngilangi rasa bosen, coba digagas nalika ngepit dumadakan ing ngarepe ana sawangan anyar kang elok sing ora tau ditemoni ing omahe lsp kang endah sinawang gawe suka rena.
🚴🚴 Nyepedha touring bisa nyambung silaturahmi lan rasa ayem ing antarane para pesepedha, ngraketake rasa guyub rukun gotong royong, tulung tinulung yen ana salah siji pesepedha ngalami kacilakan utawa kerusakan sepedhane.
Iya kaya mangkono ringkesing cathetan, bokmenawa isih akeh paedah liyane kenapa touring/piknik tumrap yuswa kagolong sepuh ora nguwatirake malah gawe senenging kalbu dumadine bagya mulya.
Salam olahraga! 💪🚴♂️🚴✊️
JM, gagat bangun, 1124
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
(saderma hobi corek-corekan kemawon)
Komentar
Posting Komentar