HAKIM NAMPA SOGOKAN (kadyadene kutuk marani sunduk)

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/15a7eLdh6m/?mibextid=oFDknk

Hakim nampa sogokan/besel pawartane wus ora nggumunake meneh saking kerep kedadeane.

Wus samesthine minangka ketua lembaga peradilan kudu tanggung jawab yen ana hakim kang ditugasake ngadili prakaran nampa besel/sogokan. Salah siji wujud tanggung jawab ketua lembaga peradilan dicopot kalenggahane.


Kahanan ing wektu wekasan iki kawartakake dene ana telung hakim Pengadilan Negeri Surabaya kang nampa sogokan gegandhengan karo prekara sawijining anak anggota dewan terhormat (minangka si kadakwa) kang nganiaya dhemenane nganti tumeka pati. Hakim-hakim kasebut nampa sogokan kanggo mutus bebas marang si kadakwa (wadhuh kok nekad timen sembrana ngremehake wus dadi kawigatene wong akeh dilawan!)


Mulane lamun ana hakim sing gelem nampa sogokan, kejaba dipancasi sacara pidana, ketua pangadilane uga kudu dicopot saka kelenggahane. Hakim-hakim sing tumindak kaya mangkono iki bisa diarani "Makelar kasus".


Pakulinan makelar kasus ing pangadilan racake merga kurang pengawasan lan panggulawenthah kang dadi tugase pimpinan mring para hakim. Kasunyatane, pancen hakim minangka panegak hukum kawenangane cukup gedhe lan kuwat, mula bisa sawenang-wenang sapenak wudele dhewe. Mula krana iku, prelu digebrak nggalakake pangawasan ya sacara 'internal' Makamah Agung (MA) utawa sacara 'eksternal' liwat Komisi Yudisial (KY) miturut tatanan Hukum Tatanegara.


Jare para ahli hukum prakara sogokan kasebut nelakake kabodhoane utawa sipat srakah para makelar kasus sing kesangkut. Nganti lali utawa ngremehake yen prakara iku banget narik kawigatene masarakat (viral).


Lumrahe, biasane, para plakon makelar kasus lamun arep tumindak pilih-pilih prakara sing ora dadi kawigatene publik, ee...lha dalah iki kok malah nekad sembrana, prakara kang lagi viral dadi sorotane publik diterjang bae. Iki padha karo kutuk marani sunduk paribasane nalare ukuman bali tumiba awake dhewe , ya mesthi bae enggal ketangkep. Ngono kira-kira pandugane para wasis ing babagan hukum.... hehehe kapan kapokmu!


JM, lingsir kulon, 011124

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN