UMAT PINILIH

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17GyZC66Z1/?mibextid=oFDknk

Manungsa bisa kukuh santosa ing satengahing kahanan kang banget rekasa awit dheweke duwe keyakinan dene bakal oleh paedah, asil lan sapanunggalane kang luwih gedhe ing wektu mengkone. Sawijine pagawe sengkut nyambut gawe kanthi semangat klawan njaga rasa pangrasane supaya oleh undhakan pangkat lan kalenggahan. Sawijine pangumbara ngupaya lan lila ngirit sarta mangan saanane nedya bisa tuku omah kanggo kulawargane.


Iya kaya mangkono uwong kang pinilih ing sawijine konkiren (persaingan) dudu amarga kasantosan lan kadigdayane dhewe, ananging jalaran saka kamurahaning Gusti. Sarosa-rosane kita angupaya ngoyak, kita ora bakal anggayuh asil, nanging amarga kita pinilih lan piniji awit pilihan lan kamurahane Gusti, tanpa kita ngoyak kita uga bakal nyandhak asil ing tangan.


Minangka wong pracaya kang dadi umat pilihan, kita ora usah mikiri si A utawa si B uga dipilih. Sing baku kita ora prayoga meri nanging luwih becik manyokuri wus pinilih saka sawernane pilihan.


Salam tentrem rahayu kang tinemu,

bagas saras kang linaras,

bagya mulya kang sinedya,

berkahing Gusti kang tansah mili. ... Amin Amin 🙏🙏


JM, sirep jalma, 191124

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN