INDONESIA NAGRI ADI
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/14CTQNR8kE/?mibextid=oFDknk
Indonesia nagri adi, sèstu kulå belani
sing panjajahaning wångså måncå nagri.
Indonesia nagri adi, rinonce ing mutiyårå NKRI
nadyan sahastå sanyari tanah wutah-rah tansah dak jagi.
Indonesia nagri adi, sèstu kulå trêsnani
tanah wutah-rah tanah pusåkå, nugrahaning nJêng Gusti.
Indonesia nagri adi, gêmah ripah lõh jinawi
kewan, têtanêman, ulam langèn lêlumban warni-warni.
Indonesia nagri adi, ewõne pulo nyawiji
beda suku wah agåmå, ras lan gõlõngan puniki.
JM, lingsir dalu, 101124
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar