RANCANGAN UNDHAK-UNDHAKAN PAJEK

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17WfGMVddM/?mibextid=oFDknk

Ing taun ngarep 2025, pamarentah ngrancang arep ngundhakake pajek yaiku Pajak Pertambahan Nilai (PPN).

Miturut Menteri Keuangan RI, mesthekake undhak-undhakan PPN saka 11% owah dadi 12% kaetrapake amung kanggo barang-barang 'mewah' bae.

Sawetara, barang lan jasa seprene iki kang dadi kabutuhan pokok masarakat akeh bakal tetep dibebasake saka pangetrapan PPN.


Kang gawe legane masarakat kabeh, Menkeu ngendikakake, "Dak baleni lan daktegeske, barang-barang kang ora dietrapi ing PPN tetep ora dietrapi pajek kasebut. Ananging PPN 12% bakal kaertrapake amung marang barang-barang kang kaanggep mewah!" (kadudud sumber berita cnnindonesia.com/ekonomi/20241212210834-532-1176802/..)


Menkeu ngunandika meneh, dene barang lan jasa kang tetep bebas saka ing PPN 12% yaiku barang kang klebu kabutuhan pokok kayata beras, daging. iwak, tahu tempe, endhog, sayuran, susu seger, gula, jasa pendhidhikan, jasa kesehatan, jasa angkutan umum, jasa tenaga kerja, jasa keuangan, jasa asuransi, buku, vaksinasi, omah sedherhana lan rusunami. Mengkono uga listrik lan banyu ora kaetrapan PPN.

Ayo, kita tunggu lan kita irig/kawal muga-muga bae ditanggung tenan barang-barang mau bebas pajek PPN.

🤝🫰


Menkeu mbacutke ngunandika yen undhakan PPN netepi amanat/prentah Undhang-Undhang kang bakal dietrapake adhedhasar kaadilan lan temtu uga nggatekake panemune masarakat (apa iya?).🤝🤭


Amarga seprene iki tumrap barang-barang kang bebas PPN iku, bisa kacathet, ing taun ngarep 2025, negara ngira-ira kelangan 'potensi' (daya kakuwatan) bisa narik dhana pajek ngancik +/_ Rp265 triliyun 


Senadyan Undhang-undhang nyebutake ing samengko iki PPN 11%, akeh barang lan jasa kang dibebasake PPN, mangkono uga bakal tetep kabebasake yen PPN mundhak 12%. Iku alesan kang dumadine kenapa negara tetep kelangan potensi pangumpulan pajek mau?


Mula saka iku, pamarenteh bakal ngundhake PPN dadi 12 % mligine kaetrapake marang kang klebu barang mewah yaiku barang-barang kejaba kabutuhan pokok kaya kasebut ing ngarep. 

Banjur apa bae kang klebu barang mewah? Isih durung cetha lan miturut katrangan pamarentah bakal ngumumake jroning sawetara dina mengko.

Kita tunggu pawarta bacute! 🤗

Sinambi ngenteni, kita sigeg dhisik tulisan iki.., matur nuwun 👏

(sumber : https://www.cnnindonesia.com/ekonomi/20241212210834-532-1176802/daftar-barang-kena-ppn-12-persen-diumumkan-pekan-depan/amp)


JM, lingsir wengi , 141224

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN