đŸŽ¶ MONTOR-MONTOR CILIK đŸŽ¶ Panganggit : Ki Narto Sabdo

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/19we7oTTYX/?mibextid=oFDknk

MÔntÔr-mÔntÔr cilik

sing nunggang mblĂȘnĂȘg

Lungguh lĂȘnggat-lĂȘnggut

ngantuk siyat-siyut


Mak gragap nĂšng tĂȘngah krĂȘtĂȘg

Ă„nĂ„ grobag mandhĂȘg

Grobage isi babi

Ambune ra pati wangi


Pak gedhe cĂȘngar-cĂȘngir

babine njĂȘdhar-njĂȘdhir

mĂ”ntĂ”re tĂȘrus mak ngĂ”k

babine sĂȘnggrag-sĂȘnggrĂ”g


ngÔk, nggrÔg, ngÔk, nggrÔk

ngÔk, ngÔk ngrÔg. ngrÔk

ngÔk, ngÔk ngrÔg. ngrÔk


Kados pundi makananipun?.... sumangga,


Ing pada sepisan, nggambaraken dene samukawis punika menawi kagengen pikajeng saged rendhet lampahipun, ambyarr angen-angene, kadidene montor cilik ditunggangi wong gedhe awake. Saking rendhetipun anggene lenggah ngantos sar-ser siyat-siyut.


Sangsaya malih kepanggih grobag mogok (ing pada kaping kalih) ketambahan isi babi lha nggih tambah kemawon alanganipun, saged telat/kasep menawi selak kesesa... heemm đŸ«Ą

Gegambaranipun kalajengaken ing pada kaping tiga lan sekawan.


Senadyan lagu dolanan, ngemu tuladha lamun badhe tumandang, akarya ing pakaryan punapa kemawon, sampuna grusa-grusu, prelu punrancang kanthi satiti, titis lan tatas. Punapa sampun cekap mateng sumber-sumber pendhukung/panyengkuyung kangge nggayuh gegayuhan kang karancang? Sampun ngantos kagengen pikajengan nanging boten satandhing kalihan kasanggeman (kegedhen empyak kurang cagak), saged macet lan ambyar ing tengah margi.


Para sutresna, mugi kangge napaki ing warsa enggal sadaya kang karancang dening kita bangsa Indonesia kang punpandhegani dening pamarentahan enggal sageda ambekta layaring prau negari tumujweng Indonesia Emas estu pikantuk berkahing Gusti. Tinebihaken saking krikil-krikil (kadi grobag momot babi) temah gangsar lumampahing pembangunan kangge kemakmuran lan mulyaning bangsa.


Salam tentrem rahayu wontening Sih-rahmating Gusti mugya kajiwa lan kasarira dhumateng kita sadaya.👏

Gusti amberkahi... Aa_aamin A_aaminn 🙏🙏


JM, gagat bangun , 201224

           ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^] [^__^]


Sorogan :

Katur para dwija, nuwun sewu lan nyuwun pangaksama bilih seratan ing nginggil boten trep kalihan ancasipun tembang dolanan anggitanipun Ki Narto Sabdo. 

Kawuningana bĂŹlih kula minangka panĂčlis ingkang taksih kathah kirangipun kawruh budaya (tetembangan Jawi) kumawantun nyerat saderma pangangen kula kewala, tebih saking paugeran baken bab tetembangan Jawi.

Bokbilih para dwija kepareng paring pangandika bab negesi tembang dolanan punika, kula nyadhong pratelanipun.

Nuwun.. nuwun, matur nuwun 👏

        𝖊đ•čđ•»đ–Š


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN